Artikel iki macak aksara Jawa. Menawa pangluru sampéyan durung njurung karakter iku, sampéyan mokal ndeleng sawenèh tulisan sing nganggo aksara Jawa ing kaca iki. Kanggo ndandani, wacana Pitulung:Aksara Jawa.
Sega kuning
Sajian seporsi sega kuning pepak, nganggo teri kacang, empal gepuk, balado urang, urab, lan sambal gorèng kenthang
Sajian seporsi sega kuning pepak, nganggo teri kacang, empal gepuk, balado urang, urab, lan sambal gorèng kenthang
Panggonan asalIndonésia
Tlatah utawa prajaJawa
Woworan pokokberas lan bumbu
Buku masakan: Sega kuning  Médhia: Sega kuning
Sega kuning sajeroning wangun tumpeng
Resep bumbu sego kuning

Sega kuning iku panganan khas Indonésia. Panganan iki kagawé saka beras kang dimasak nganggo kunir lan santen sarta bumbon crakèn. Kanthi ditambahi bumbu-bumbu lan santen, sega kuning duwé rasa kang luwih gurih tinimbang sega putih. Sega kuning iku variasi saka sega putih kang kerep minangka tumpeng. Sega kuning biyasa disajèkaké karo warna-warna lawuh khas Indonésia.

Ing tradhisi Indonésia warna sega kuning nglambangaké gunung mas kang tegesé kasugihan, kemakmuran sarta moral kang luhur. Amarga saka iku sega kuning kerep disajèkaké ing prastawa syukuran lan prastawa-prastawa kabungahan kaya kelairan, pernikahan lan tunangan. Ing tradhisi Bali, warna kuning iku saka patang warna keramat kang ana, saliyané putih, abang lan ireng. Sega kuning banjur kerep didadèkaké suguhan ing upacara kuningan.

Uga delengen

[besut | besut sumber]
Wikibooks
Wikibooks
Wikibooks gadhah informasi jangkep kanthi sesirah
Sega kuning

Pranala njaba

[besut | besut sumber]