Bakmi
Bakmi
Jeneng liyanéMi
Ajanganmangan utama
Panggonan asalChina
Hawa ajanganpanas
Woworan pokokglepung, Endhog
Buku masakan: Bakmi  Médhia: Bakmi

Bakmi utawa mi yaiku sawijining panganan kang dipercaya asalé saka China wiwit 5000 taun kapungkur.[1] Bakmi kalebu panganan kang nduwé sajarah kuna.[2] Wiwitane, panganan iki dipangan déning warga Tiongkok wiwit jaman Dinasti Han udakara ing taun 206 sadurungé masehi (2214 taun kapungkur).[2] Ing wektu semana bakmi isih wujud adonan gandum kang wujudé kotak utawa lembaran (kandhele meh padha karo kulit pangsit saiki), utawa lonjoran.[2] Bakmi wiwitane diarani "Pia", utawa ing basa Mandarin diarani "Bing" (waca:Ping). Cara masakke padha karo jaman saiki yaiku diclupake ing banyu umub lan dipangan karo duduh kang wis bumbonan.[2] Nganti seprene isih akèh wernane bakmi lan cara nggawene sarta cara ngracik bumbu-bumbu bakmi ing Tiongkok, tuladhané:[2]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. "Bakmi Grand Kelinci". Diarsip saka sing asli ing 2012-07-04. Dibukak ing 2011-08-11.
  2. a b c d e "Sejarah Bakmi di Kaskus". Diarsip saka sing asli ing 2010-01-09. Dibukak ing 2011-08-11.