Dhawet utawa céndhol yaiku wédang kang digawé saka bahan santen klapa diwénèhi gula jawa utawa gula klapa, lan dicampur céndhol, ditambah irisan nangka utuwa kolang kaling. Lumrahé ditambah ès supaya seger. Akèh variasi wédang dhawet iki, gumantung kasenengan lan kréatifitasé sing nggawé. Ana kang aran dhawet durén, utawa dhawet ayu saka Banjarnegara.[1]