Artikel iki macak aksara Jawa. Menawa pangluru sampéyan durung njurung karakter iku, sampéyan mokal ndeleng sawenèh tulisan sing nganggo aksara Jawa ing kaca iki. Kanggo ndandani, wacana Pitulung:Aksara Jawa.
Gathot
Gathot
Panggonan asalIndonésia
Tlatah utawa prajaJawa
Woworan pokokPohung
Buku masakan: Gathot  Médhia: Gathot

Gathot inggih punika salah satunggaling tetedhan tradhisional saking tlatah Gunungkidul, Wanagiri saha sakiwa-tengenipun. Gathot punika dhedhasar bahan ingkang sami kaliyan thiwul, inggih punika saking téla, mliginipun ingkang sampun awujud gaplèk.

Caranipun Damel Gathot

[besut | besut sumber]
  1. Téla ingkang sampun awujud gaplèk dipunrendhem wonten ing toya ingkang dangu. Dumugi wonten warni cemeng wonten gaplèkipun. (wonten ugi ingkang caranipun damel warni cemeng wonten ing gaplèk punika kanthi dipunsélèhaken wonten njawi, supados kejawahan. Saking toya jawahan punika saged paring warni cemeng ingkang dados raos ingkang sakèco kanggé gathot)
  2. Saksampunipun wonten warni cemeng banjur dipuntus.
  3. Lajeng dipundang dumugi mateng.
  4. Gathot punika langkung èca dipundhahar kaliyan parutan krambil lan gendhis jawa.