Artikel iki macak aksara Jawa. Menawa pangluru sampéyan durung njurung karakter iku, sampéyan mokal ndeleng sawenèh tulisan sing nganggo aksara Jawa ing kaca iki. Kanggo ndandani, wacana Pitulung:Aksara Jawa.
Kue Cucur

Cucur inggih punika salah satunggaling jajanan pasar kas Jawa, Indonésia. Cucur punika raosipun manis lan éca.[1] Kathah tiyang ingkang remen dhahar kuwé cucur punika amargi reginipun mirah saha raosipun éca, legi, gurih, empuk ing tengahipun, saha renyah ing pinggiripun. Kuwé cucur punika gampil dipundamel saha boten betahaken wekdal ingkang dangu kanggé damelipun. Cara damel kuwé cucur punika prasaja sanget amargi cekap namung dipungorèng kémawon. Dadosipun boten prelu kuwé cucur punika ndadak dipunoven utawi dipunpanggang. Asiling wujud kuwé cucur punika bunder kados wulan.

Bahan-bahan

[besut | besut sumber]

Bahan-bahan ingkang dipun-ginakaken kanggé damel kuwé cucur inggih punika:[2]

Cara damelipun

[besut | besut sumber]

Cara damel kuwé cucur inggih punika kados makaten:[3]

  1. Toya, gula jawa, lan godhong pandan dipungodhog ngantos umub. Manawi sampun saged dipunangin-anginaken supados radi anget.
  2. Glepung beras, glepung teigu, lan sarem saged dipuncampur lajeng dipunudhag ngantos rata.
  3. Toya gedhis ingkang sampun dipundamel kala wau dipuncampur wonten ing adonan glepung sakedhik-sakedhik ngantos rata lan kanthi dipunuleni lan dipunkeplok-keplok dangunipun 30 menit ngantos toya gedhis kala wau telas. Manawi sampun adonan dipundhemaken dangunipun 40 menit.
  4. Lisah klentik saged dipunlebetaken wonten ing waja mirunggan kanggé damel cucur gunggungipun 4 cendhok. Manawi sampun panas lisahipun, adonan kuwé cucur saged dipunlebetaken. Adonan dipundamel ngantos wonten serat-seratipun.
  5. Pérangan tengahipun lajeng dipunsunduk nganggé biting kanthi dipunputer-puter. Lajeng dipunwalik sekedhap lan saged dipunangkat.

Tips damel kuwé cucur

[besut | besut sumber]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. [1] Archived 2012-04-14 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 19 Novèmber 2012)
  2. [2](dipunundhuh tanggal 19 Novèmber 2012)
  3. [3](dipunundhuh tanggal 19 Novèmber 2012)