250px|Sup konro | |
Ajangan | Makanan utama |
---|---|
Panggonan asal | Indonesia |
Tlatah utawa praja | Makassar |
Hawa ajangan | Panas |
Woworan pokok | Iga sapi |
Variasi | Konro bakar |
Buku masakan: Sup Konro Médhia: Sup Konro |
Sop Konro iku sop iga daging sapi ing Indonésia kang asalé saka Bugis lan Makassar.[1] Sop iki biasané digawé saka iga sapi utawa daging sapi.[2] Olahan kang wernané ireng iki, lumrahé dipangan karo burasa utawa ketupat kang diiris dhisik. Werna irengé saka woh kluwek kang wernané ireng. Bumbuné kerasa kuwat amarga diwènèhi ketumbar. Rasa pedhes lan bumbu kang kuwat amarga saka saka bumbon crakèn, kaya ta ketumbar, keluwak (woh nyebabké werna ireng), pala sethithik, kunir, kencur, kayu legi, asem, godhong jeruk, cengkeh, lan godhong salam.[3]
Konro diolah kanthi awujud duduh kaya ta sop kang nganggo manéka rempah, tapi ana variasi ya iku konro garing kang disebut "Konro bakar", yaiku iga daging sapi kang dibakar nganggo bumbu konro.