Jeneng liyané | Dhawet pecel |
---|---|
Panggonan asal | Indonésia |
Tlatah utawa praja | Kulon Praga, Daérah Istiméwa Ngayogyakarta |
Hawa ajangan | Adhem |
Woworan pokok | Dhawet, sambel, capar |
Buku masakan: Dhawet sambel Médhia: Dhawet sambel |
Dhawet sambel inggih punika unjukan khas ingkang asalipun saking Kabupatèn Kulon Praga, Daérah Istiméwa Ngayogyakarta. Bahan pokokipun dumados saking dhawet, sambel, kaliyan capar.[1]
Miturut katrangan situs Direktorat Warisan dan Diplomasi Budaya, ing madyaning abad kaping 20, wonten bakul ingkang dodolan dhawet kaliyan pecel ing satunggaling pagelaran. Wanci ngaso pagelaranipun, wonten tiyang tumbas paring pamanggih amrih dhawetipun dipun campur kaliyan pecel. Jebulipun, kathah ingkang ngremeni dhawetipun tur saya kathah ingkang mesen.[2] Manawi dipun sawang, dhawet sambel mèh mèmper kaliyan soto.[3] Dhawetipun dipun damel saking sari pathi uwi ganyong,[4] wondéné sambelipun dipun damel saking parutan klapa ingkang dipun sangré lajeng dipun dheplok mawi lombok abrit, gendhis, bawang pethak, kaliyan sarem.[3] Sasanèsipun parutan klapa, ugi wonten ingkang namung nganggé sambel kacang kémawon.[5] Cara nyawisaken dhawet sambel inggih punika dhawetipun dipun paringi sambel, capar, brambang gorèng, tahu gorèng, kaliyan juruh, nanging boten nganggé santen kaliyan ès. Raos dhawet punika inggih campur-campur gurih, manis, pedhes, kaliyan asin.[3]