at-Tin | |
---|---|
Barkas:At-Tin.png | |
Informasi | |
Makna | Woh Tin |
Klasifikasi | Makkiyah |
Surat ka | 95 |
Juz | Juz 30 |
Statistik | |
Gunggung ruku' | 1 ruku' |
Gunggung ayat | 8 ayat |
Surat At Tin (Arab: التِّينِ , "Woh Tin") iku surat angka 95 sajeroning al-Qur'an. Surat ini dumadi saka 8 ayat lan éwoning surat Makkiyah. Surat iki diudhunaké sawisé surat Al-Buruj. Jeneng At Tin dijupuk saka tembung At Tin kang ana ing ayat pisanan surat iki kang tegesé woh Tin.
بِسْمِ ٱللَّهِ ٱلرَّحْمَـٰنِ ٱلرَّحِيمِ
وَالتِّينِ وَالزَّيْتُونِ ﴿١﴾ وَطُورِ سِينِينَ ﴿٢﴾ وَهَٰذَا الْبَلَدِ الْأَمِينِ ﴿٣﴾ لَقَدْ خَلَقْنَا الْإِنسَانَ فِي أَحْسَنِ تَقْوِيمٍ ﴿٤﴾ ثُمَّ رَدَدْنَاهُ أَسْفَلَ سَافِلِينَ ﴿٥﴾ إِلَّا الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ فَلَهُمْ أَجْرٌ غَيْرُ مَمْنُونٍ ﴿٦﴾ فَمَا يُكَذِّبُكَ بَعْدُ بِالدِّينِ ﴿٧﴾ أَلَيْسَ اللَّهُ بِأَحْكَمِ الْحَاكِمِينَ ﴿٨
Surat at-Tin diwiwiti kanthi sumpah Allah kang nyebut woh Tin, woh Zaitun, Gunung Sinai, lan Mekah (ayat 1 nganti 4). Ayat sabanjuré njelasaké yèn manungsa diciptakaké sajeroning wangun kang paling apik. Sanadyan mangkono, manungsa wekasané bakal bali menyang panggonané kang paling cendhèk utawa paling hina yèn ora nglakoni préntah Allah. Wong kang bakal slamet saka kainan ya iku wong kang iman lan nglakoni amal shaleh lan bakal olèh pahala kang terus-terusan. Ayat angka 7 njlèntrèhaké Muhammad iku utusan Allah, kang ajarané ora olèh disélaki. Ayat pungkasan nyatakaké yèn Allah iku "Hakim Sing Paling Adil"
Wikisumber gadhah naskah sumber ingkang magepokan kaliyan |
Surat Sadurungė: Surat Al Insyirah |
Al-Qur'an | Surat Sabanjurė: Surat Al 'Alaq |
Surat 95 |