al-Kafirun | |
---|---|
| |
Informasi | |
Makna | Wong - Wong Kafir |
Klasifikasi | Makkiyah |
Surat ka | 109 |
Juz | Juz 30 |
Statistik | |
Gunggung ruku' | 1 ruku' |
Gunggung ayat | 6 ayat |
Surah Al-Kafirun (basa Arab:الكافرون) iku surah angka 109 sajeroning al-Qur'an. Surat iki kapérang saka 6 ayat lan kalebu surat Makkiyah. Jeneng Al Kaafiruun (wong-wong kafir) dijupuk saka tembung kang metu ing ayat pisanan surat iki. Pokok isi surat iki yaiku ora diidinaké kompromi sajeroning wangun nyampuradhukaké ajaran agama.
Nalika mangsa panyebaran Islam ing Mekah, kaum Kurès kang nentang Rasulullah SAW ora lèrèn golèk cara kanggo ngendhegagé ancaman Islam marang kapitayan nenek moyangé. Ing salah siji upaya mau, kaum Kurès ngupaya ngajokaké proposal kompromi marang Rasulullah SAW ing ngendi kaum mau nawakaké: yèn Rasulullah gelem nyembah Gustiné, mula kaum mau uga bakal nyembah Gusti kaya déné konsèp Islam. Nuli surat iki didhunké kanggo njawab prakara iku.
قُلْ يَا أَيُّهَا الْكَافِرُونَ(1)لَا أَعْبُدُ مَا تَعْبُدُونَ(2)وَلَا أَنْتُمْ عَابِدُونَ مَا أَعْبُدُ(3)وَلَا أَنَا عَابِدٌ مَا عَبَدْتُمْ(4)وَلَا أَنْتُمْ عَابِدُونَ مَا أَعْبُدُ(5)لَكُمْ دِينُكُمْ وَلِيَ دِينِ (6
1) qul ya ayyuhal kaafirun
2) laa a'budu maa ta'buduun
3) wa laa antum 'abiduuna maa a'bud
4) wa laa anna 'abidum maa 'abattum
5) wa laa antum 'abiduuna maa a'bud
6) lakum diinukum wa liya din
Wikisumber gadhah naskah sumber ingkang magepokan kaliyan |
Surat Sadurungė: Surat Al Kautsar |
Al-Qur'an | Surat Sabanjurė: Surat An Nashr |
Surat 109 |