an-Naml النّمل |
|
---|---|
Informasi | |
Makna | Semut |
Klasifikasi | Makkiyah |
Surat ka | 27 |
Juz | Juz 19 (ayat 1-59) Juz 20 (ayat 60-93) |
Statistik | |
Gunggung ruku' | 7 ruku |
Gunggung ayat | 93 ayat |
Ayat Sajdah | Ayat 26 |
Surat An-Naml (basa Arab:النّمل, "Semut"), iku surat angka 27 sajeroning al-Qur'an. Surat iki dumadi saka 93 ayat, éwoning surat-surat Makkiyyah lan diturunkan sawisé Surat Asy Syu’araa’. Dijenengaké kanthi jeneng An-Naml kang tegesé semut, amarga ing ayat 18 lan 19 ana tembung An-Naml (semut), ya iku ratu semut kandha marang anak buahé supaya lumebu sarangé, supaya aja kepidak déning Nabi Sulaiman lan tentarané kang arep ngliwati panggonan iku. Krungu préntah ratu semut marang anak buahé iku, Nabi Sulaiman mèsem lan takjub marang kateraturan karajan semut iku lan beliau ngucapaké syukur marang Gusti kang Maha Kuwasa kang wis nglimpahaké nikmat marang panjenengané, wujud karajan, kasugihan, ngawruhi basa kéwan, duwé wadya kang dumadi saka jin, manungsa, manuk lan liya-liyané. Nabi Sulaiman kang wis diwènèhi déning Allah nikmat kang gedhé iku ora ngrasa takabur lan sombong lan minangka hamba Allah nyuwun supaya Allah nglebokaké sajeroning golongan wong-wong kang saleh.
Wikisumber gadhah naskah sumber ingkang magepokan kaliyan |