Surat Al Faatihah (Arab الفاتحة) punika surat kapindhah Al-Quran mawi 7 ayat. Tegesipun "Pambuka".[4] Serat punika ugi dipunsebat Ummul Qur'an (indhuk Al Qur'an) utawi Ummul Kitaab (indhuk Al Kitaab) amargi minangka indhuk tumrap sadaya isi Al Qur'an sarta dados intisari saking kandhutan Al Qur'an, lan amargi saking punika dipunwajibaken dipunwaos ing saben salat. Ugi dipunsebat As Sab'ul matsaany (pitu ingkang makaping-kaping) amargi cacahing ayatipun wonten pitu lan dipunwaos makaping-kaping ing salebeting salat.
Serat punika ngandhut sawatawis unsur pokok ingkang nggambaraken isi Al Qur'an, inggih punika:
Kanthi nyebat asma Allah Ingkang Maha Mirah tur Ingkang Maha Asih.
Sedaya puji punika kagunganipun Allah ingkang mangérani alam saisinipun
Ingkang Maha Mirah lan ugi Ingkang Maha Asih
Ingkang kagungan ing dinten agami 1
Namung dhateng Paduka kawula manembah, lan namung dhateng Paduka kawula nyuwun pitulungan
Dhuh Allah, mugi nedhahaken margi ingkang leres kanggé kawula
(Inggih punika) marginipun para tiyang ingkang Paduka paringi kanugrahan sanès marginipun tiyang ingkang Paduka paringi pambengan lan tiyang ingkang sami kesasar.[5]
↑Kajarwakaken kanthi midhangetaken Tapsir Al-Quran Suci Basa Jawi anggitanipun Profesor K.H.R Muhammad Adnan. Bèntenipun, sepindhah, jarwa ing mriki ngagem basa krami. Kaping kalih, ing ayat kaping sekawan, Muhammad Adnan ngagem tembung "ngratoni" kanggé njarwakaken tembung "malik", déné ing seratan punika ngagem tembung "kagungan."