CANIS MINOR

Peta Canis Minor
CekakanCMi
GenitifCanis Minoris
Asensio rekta8
Deklinasi+5
Area183 derajad pesagi (#71st)
Lintang utama2
Lintang
Bayer/Flamsteed
14
Lintang
mawa planèt
1
Lintang padhang2
Lintang cedhak4
Lintang paling padhangProcyon (α CMi) (0.34m)
Lintang paling cedhakProcyon (α CMi) ( tc)
Obyèk Messier0
Udan météorCanis-Minorids
Rasi lintang
sing wewatesan
Katon antara lintang +90° lan −75°.
Katon paling cetha ing wektu 21.00 jroning sasi March.
'
Rasi lintang Canis Minor

Canis Minor (/[unsupported input]ˌkns ˈmnər/) inggih punika salah satunggaling rasi lintang ingkang padhang ingkang mapan wonten ing belahan langit sisih lor.[1] Wonten ing abad kaping kalih, rasi lintang punika ugi dipunlebetaken dados salah satunggal saking 48 rasi lintang ingkang dipundhaptar déning Ptolemy lan lajeng sapunika mlebet 88 rasi lintang modhern.[2] Canis minor tegesipun kirik alit lan punika nggambaraken satunggaling kirik ingkang ndhèrèk pemburu Orion. Rasi lintang Canis Major inggih nggambaraken wujud kirik sanèsipun.

Lintang-lintang

[besut | besut sumber]

Rasi lintang Canis Minor gadhah tlatah ingkang ambanipun kirang langkung 183494 drajat persegi lan boten ngewrat lintang ingkang dipunmangertosi minangka planit-planit. Rasi lintang punika saged dipuntingali ing garis lintang ing antawispun +85° lan-75° saha badhé katingal ingkang saé piyambak manawi dipuntingali ing jam 9 dalu ing salebeting sasi Maret. Rasi lintang punika namung gadhah kalih lintang ingkang padhang wonten ing Canis Minor. Déné lintang-lintang ingkang wonten ing rasi lintang punika inggih kados makaten:

Beta Canis Minoris, ingkang gadhah nama tradhisional Gomeisa inggih punika lintang panas kelas B8 kanthi gadhah magnitudo 2,8, ingkang dipunkiteri déning material lebu. Lintang punika gampil dipuntingali kanthi mripat langsung. Lintang sanèsipun ingkang wonten ing Canis Minor ingkang ngewrat kalih lintang binar inggih punika Gamma Cani Minoris, satunggaling cahya raksasa oranye kanthi gadhah magnitudo 4,33 lan G Canis Minoris, inggih punika lintang ingkang gadhah cahya raksasa oranye kanthi magnitudo ingkang cetha inggih ing 4,39. Wonten ugi epsilon Canis Minoris, inggih punika lintang ingkang gadhah cahya raksaa warna jene tipe G kanthi tebihipun udakawis 990 taun cahya. Lan zeta Canis Minoris, ingkang gadhah cahya raksasa biru ngantos pethak kanthi gadhah magnitudo 15.

Canis Minor taksih kalebet wonten ing kulawarga rasi lintang Orion sesarengan kaliyan rasi lintang Orion, Canis Major, Monoceros lan Lepus. Déné rasi lintang sanèsipun ingkang wonten ing sak kiteripun Canis Minor inggih punika rasi lintang Monoceros, Gemini, Cancer lan Hydra.

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. Canis Minor Archived 2012-04-08 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 23 Pebruari 2013)
  2. Allen, Richard Hinckley (1963) [1899]. Star Names: Their Lore and Meaning (édhisi ka-corrected). Mineola, New York: Dover Publications. kc. 383. ISBN 978-0-486-21079-7. Diarsip saka sing asli ing 2013-05-28. Dibukak ing 2013-02-23.