ORION

Peta Orion
CekakanOri
GenitifOrionis
Asensio rekta5
Deklinasi+5
Area594 derajad pesagi (#26th)
Lintang utama7
Lintang
Bayer/Flamsteed
81
Lintang
mawa planèt
8
Lintang padhang8
Lintang cedhak8
Lintang paling padhangRigel (β Ori) (0.12m)
Lintang paling cedhakGJ 3379 ( tc)
Obyèk Messier3
Udan météorOrionids
Chi Orionids
Rasi lintang
sing wewatesan
Gemini
Taurus
Eridanus
Lepus
Monoceros
Katon antara lintang +85° lan −75°.
Katon paling cetha ing wektu 21.00 jroning sasi January.
click on to see large image
click on to see large image
rasi lintang Orion

Orion, utawi pemburu, inggih punika salah satunggaling rasi lintang ingkang wonten ing garis langit ekuator. Rasi lintang punika inggih sala satunggaling rasi lintang ingkang padhang piyambak lan ingkang saé piyambak wonten ing langit.[1] Nama Orion punika inggih saking mitos Yunani ingkang tegesipun pemburu. Lintang ingkang padhang piyambak wonten ing rasi lintang punika inggih Beta (Rigel lan Alpha (Betelgeuse), satunggaling raksasa biru-pethak lan abrit.

Sajarah

[besut | besut sumber]

Wonten ing mitos Yunani, Orion punika putra saking déwa laut, Poseidon, lan ratu monster Euryale. Poseidon ingkang sampun paring kekiyatan déning Orion kanggé mlampah wonten ing sagara. Masarakat Sumeria pitados bilih rasi lintang punika, utawi ingkang dipunsebat "Uru An-na" (cahyaning surga), nggambaraken tokoh pahlawan masarakt Sumeria ingggih punika Gilgamesh ingkang tarung nglawan banteng surga. Gud An-na punika ingkang nyarujui wonten ing rasi lintang Taurus. Mitos pejahipun Orion punika inggih dipungayutaken kaliyan wontenipun rasi lintang Scorpius, ingkang papanipun adhep ajeng kaliyan Orion wonten ing langit. Rasi lintang Orion punika gadhah manéka warna budaya. Wonten ing mitos Hungaria, Orion punika dipunindhentifikasi kaliyan Nimród, pemburu ageng, lan minangka bapak mitos Hungaria.

Wonten ing lintang kidul, Orion katingal béda wonten ing langit. Wonten ing Australia lan New Zealand, sabukipun lan pedhangipun misuwur minangka satunggaling pot utawi panci. Wonten ing Afrika Selatan, tigang lintang ingkang padhang piyambak ingkang nyusun sabukipun Orion inggih dipunsebat Drie Konigs (tigang raja) utawi Drie Susters (tigang sedherek putri).[2] Sabukipun ugi dipunsebat Driekoningen (tigang raja) ing pratélan lintang Walanda ing abad kaping 17 lan 18. Wonten ing Amérika Selatan, tigang lintang ingkang paling nonjol dipunmangertosi minangka The Three Marys.

Lintang-lintang

[besut | besut sumber]

Rasi lintang Orion punika gadhah area ingkang ambanipun 594 drajat persegi lan ngewrat tigang lintang ingkang dipunmangertosi minangka planit-planit. Rasi lintang punika ingkang saé piyambak dipuntingali wonten ing garis lintang antawisipun +85° lan-75° lan ingkang saé piyambak dipuntingali wonten ing jam 9 dalu ing salebeting sasi Januari. Orion ngewrat kathah lintang ingkang padhang wonten ing langit, inggih punika:

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. Dolan, Chris. "Orion". Diarsip saka sing asli ing 2011-12-07. Dibukak ing 2011-11-28.
  2. "Three Kings and the Cape Clouds at psychohistorian.org". Diarsip saka sing asli ing 2010-01-29. Dibukak ing 2013-02-15.
  3. Orion Archived 2013-02-22 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 16 Pebruari 2013)

Cithakan:88 rasi lintang modhern