Artikel iki ditulis nganggo basa krama.
AURIGA

Peta Auriga
CekakanAur[1]
GenitifAurigae
Asensio rekta6
Deklinasi+40
Area657[2] derajad pesagi (#21st)
Lintang utama5, 8
Lintang
Bayer/Flamsteed
65
Lintang
mawa planèt
7
Lintang padhang4
Lintang cedhak2
Lintang paling padhangCapella (α Aur) (0.08m)
Lintang paling cedhakQY Aur[3] ( tc)
Obyèk Messier3[4]
Udan météor
  • Aurigids
  • Delta Aurigids
Rasi lintang
sing wewatesan
Katon antara lintang +90° lan −40°.
Katon paling cetha ing wektu 21.00 jroning sasi late February to early March.
'

Auriga inggih punika salah satunggaling rasi lintang saking 48 rasi lintang ingkang dipundhaptar wonten ing abad kaping kalih déning astronom Walanda, Ptolemy lan sampun mlebet 88 rasi lintan modhèren. Rasi lintang Auriga inggih mapan wonten ing belahan langit sisih lor, ing sak loripun garis khatulistiwa. Auriga inggih punika nama Latin saking tembung charioteer, ingkang gadhah gegayutan kaliyan variasi mitos charioteers ingkang mlebet wonten ing Erichtonius of Athens lan Myrtilius. Auriga inggih paling katingal ing salebeting wekdal dalu ing sasi winter wonten ing langit lor, sesarengan kaliyan gangsal rasi lintang sanèsipun ingkang kalebet lintang ing asterisme winter hexagon. Amargi deklinasi auriga ingkang radi mangalor, mila Auriga namung saged dpuntingali paling tebih ing drajat 34° lintang kidul.

Wonten ing petangan astronomi Cina, sekawan lintang ingkang paling baku wonten ing Auriga inggih punika, alpha, beta, theta, lan iota Auriga, ingkang punika sesarengan kaliyan lintang beta Tauri saking rasi lintang Wu Che utawi "five dhariots".

Rasi lintang Auriga gadhah laladan ingkang ambanipun kirang langkung 657 drajat persegi, ingkang punika sepalihipun laladanipun rasi lintang ingkang paling amba inggih punika rasi lintang Hydra. Rasi lintang Auriga ngewrat enem lintang ingkang dipunmangertosi minangka planit - planit. Rasi lintang punika saged dipuntingali ing garis lintang antawisipun +90° lan -40° lan badhé katingal ingkang saé piyambak manawi dipuntingali ing jam 9 dalu ing pungkasaning sasi Pebruari lan ing purwakaning sasi Maret.

Lintang - lintang

[besut | besut sumber]

Déné lintang - lintang ingkang wonten ing rasi lintang Auriga ing antawisipun inggih punika kados makaten:

Auriga taksih kalebet kulawarga rasi lintang Perseus sesarengan kaliyan rasi lintang Cassiopeia, Cepheus, Andromeda, Perseus, Pegasus, Cetus, Lacerta lan Triangulum. Déné rasi lintang sanèsipun ingkang mapan wonten ing sak kiteripun Auriga inggih punika rasi lintang Camelopardalis, Perseus, Taurus, Gemini lan Lynx.[7]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. Russell 1922, kc. 469.
  2. Ridpath, Constellations.
  3. RECONS, The 100 Nearest Star Systems.
  4. Bakich 1995, kc. 54.
  5. Bakich 1995, kc. 26.
  6. Rogers, Mesopotamian Traditions 1998.
  7. Aurgae Archived 2012-03-08 at the Wayback Machine. (Dipunundhuh tanggal 25 Pebruari 2013)