CANIS MAJOR

Peta Canis Major
CekakanCMa
GenitifCanis Majoris
Asensio rekta7
Deklinasi−20
Area380 derajad pesagi (#43rd)
Lintang utama8
Lintang
Bayer/Flamsteed
32
Lintang
mawa planèt
6
Lintang padhang5
Lintang cedhak1
Lintang paling padhangSirius (α CMa) (−1.46m)
Lintang paling cedhakSirius (α CMa) ( tc)
Obyèk Messier1
Udan météorNone
Rasi lintang
sing wewatesan
Katon antara lintang +60° lan −90°.
Katon paling cetha ing wektu 21.00 jroning sasi February.
'
Rasi lintang Canis Major

Canis Major (/[unsupported input]ˌkns ˈmər/) inggih punika salah satunggaling rasi lintang ingkang padhang ingkang mapan wonten ing belahan langit sisih kidul.[1] Wonten ing abad kaping kalih, rasi lintang punika ugi dipunlebetaken dados salah satunggal saking 48 rasi lintang ingkang dipundhaptar déning Ptolemy lan lajeng sapunika mlebet 88 rasi lintang modhern.[2] Canis major tegesipun kirik ageng ingkang nggambaraken wujud kalih kirik, ingkang salah satunggalipun dipungambaraken déning rasi lintang Canis Minor, ingkang ngetutaken Orion.


Lintang-lintang

[besut | besut sumber]

Rasi lintang Canis Major gadhah tlatah ingkang ambanipun kirang langkung 380 drajat persegi lan boten ngewrat lintang ingkang dipunmangertosi minangka planit-planit. Rasi lintang punika saged dipuntingali ing garis lintang ing antawispun +60° lan-90° saha badhé katingal ingkang saé piyambak manawi dipuntingali ing jam 9 dalu ing salebeting sasi Pebruari. Rasi lintang Canis Major inggih minangka dalemipun lintang-lintang ingkang padhang ing langit. Déné lintang-lintang ingkang wonten ing rasi lintang punika inggih kados makaten:

Sirius inggih minangka péranganing winter hexagon utawi bunderan winter, satunggaling asterisme ingkang saged dipuntingali saking sasi Dhésèmber ngantos Maret, ingkang maujud saking Rigel (beta Orionis), [7931] Aldebaran (alpha Tauri), [715] Capella (alpha Aurigae), [3938] and [3940] Pollux/Castor (beta and alpha Geminorum) and [1537] Procyon (alpha Canis Minoris). Asterisme sanèsipun ingkang kecathet wonten ing segitiga winter, inggih punika maujud saking Sirius, Procyon, lan Betelgeuse (alpha Orionis), tiga saking sedasa objek ingkang padhang piyambak ing langit ingkang mapan wonten ing sak njawinipun galaksi Bimasekti.

Canis Major taksih kalebet wonten ing kulawarga rasi lintang Orion sesarengan kaliyan rasi lintang Orion, Canis Minor, Monoceros lan Lepus. Déné rasi lintang sanèsipun ingkang wonten ing sak kiteripun Canis Major inggih punika rasi lintang Monoceros, Lepus, Columba lan Puppis.

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. Canis Major Archived 2013-03-01 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 23 Pebruari 2013)
  2. Allen, Richard Hinckley (1963) [1899]. Star Names: Their Lore and Meaning (édhisi ka-corrected). Mineola, New York: Dover Publications. kc. 383. ISBN 978-0-486-21079-7. Diarsip saka sing asli ing 2013-05-28. Dibukak ing 2013-02-23.
  3. a b Ridpath & Tirion 2001, kc. 98–99.

Cithakan:DaftarRasiBintang Koordhinat: Sky map 06h 49m 44s, −22° 08′ 26″