AQUILA

Peta Aquila
CekakanAql
GenitifAquilae[1]
Asensio rekta20
Deklinasi+5
Area652 derajad pesagi (#22nd)
Lintang utama10[1]
Lintang
Bayer/Flamsteed
65
Lintang
mawa planèt
9
Lintang padhang3
Lintang cedhak2
Lintang paling padhangAltair (α Aql) (0.76m)
Lintang paling cedhakAltair (α Aql) ( tc)
Obyèk Messier0
Udan météorJune Aquilids
Epsilon Aquilids
Rasi lintang
sing wewatesan
Sagitta
Hercules
Ophiuchus
Serpens Cauda
Scutum
Sagittarius
Capricornus
Aquarius
Delphinus
Katon antara lintang +90° lan −75°.
Katon paling cetha ing wektu 21.00 jroning sasi August.
'

Aquila inggih punika salah satunggaling rasi lintang ingkang mapan wonten ing belahan langit sisih lor. Aquila inggih saking basa Latin kanggé manuk garudha lan punika nggambaraken satunggaling manuk ingkang mbeto Zeus ing mitos Roma. Aquila mapan namung sakedhik drajat wonten ing sak loripun garis lintang khatulistiwa. Lintang alpha, altair inggih punika minangka satunggaling lintang ing segitiga mangsa panas. Rasi lintang aquila badhé katingal saé ing mangsa panas lan rasi lintang punika mapan ing papan ingkang sejajar, sesarengan kaliyan galaksi Bimasekti. Amargi papanipun punika ingkang segaris kaliyan galaksi bima sakti mila wonten ing rasi lintang punika kathah kapanggih kluster lan planit nebula, lan sapérangan galaksi ing sak kiteripun.

Sajarah

[besut | besut sumber]

Aquila inggih punika salah satunggal saking 48 rasi lintang ingkang dipunandharaken wonten ing abad kaping kalih déning astronom saking Walanda inggih punika Ptolemy. Lan rasi lintang punika sajatosipun sampun dipunkenal déning Eudoxus ing abad kaping sekawan sadèrèngipun Masehi lan Aratus ing abad kapiing tiga sadèrèngipun Masehi. Rasi lintang Aquila sapunika sampun kalebet salah satunggal saking 88 rasi lintang modhern ingkang sampun dipuntetepaken déning International Astronomical Union. Rasi lintang Aquila ugi dipunsebat minangka Vultur Volans déning bangsa Roma Kuno, lan boten usah bingung bedakaken kaliyan Vultur cadens ingkang minangka sebatan sanèsipun kanggé rasi lintang Lyra. Aquila inggih ugi dipungambaraken minangka garudha ingkang nyulik Ganymede (ingkang dipungambaraken déning rasi lintang Aquarius) kanggé persembahan dhateng déwa.[1]

Wonten ing katalogipun Ptolemy dipungambaraken sangalas lintang ingkang kalebet wonten ing rasi lintang Aquila lan sapunika mlebet wonten kempalan rasi lintang Antinous, ingkang dipunparingi nama déning bala Hadrian (AD 117-138), nanging ing sanès wekdal inggih dipunjangkepi déning Tycho Brahe, ingkang damel katalog kalih welas lintang ing Aquila lan pitu ing Antinous. Déné Hevelius njabaraken wonten tigang likur lintang ing wekdal sepisanan lan dados sangalas lintang ing panaliten kaping kalihipun.[2]

Lintang-lintang

[besut | besut sumber]

Rasi lintang Aquila gadhah dhérah ingkang ambanipun kirang langkung 652 drajat persegi lan ngewrat enem lintang ingkang dipunmangertosi minangka planit-planit. Rasi lintang punika saged dipuntingali ing garis lintang antawisipun +85° lan-75° lan badhé katingal ingkang saé piyambak manawi dipuntingali ing jam 9 dalu ing salebeting sasi Agustus. Déné lintang-lintang ingkang wonten ing rasi lintang punika ing antawisipun inggih kados makaten:

Rasi lintang Aquila inggih taksih kalebet wonten ing kulawarga rasi lintang Hercules sesarengan kaliyan rasi lintang Hercules, Sagitta, Lyra, Cygnus, Vulpecula, Hydra, Sextans, Crater, Corvus, Ophiuchus, Serpens, Scutum, Centaurus, Lupus, Corona Australis, Ara, Triangulum Australe lan Crux. Déné rasi lintang sanèsipun ingkang mapan wonten ing sak kiteripun rasi lintang Aquila inggih punika rasi lintang Sagitta, Hercules, Ophiuchus, Sagittarius, Serpens Cauda, Scutum, Capricornus, Aquarius lan Delphinus.[3]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. a b c Ridpath 2001, kc. 80–82
  2. "Prodromus astronomiae". 1690. kc. 272–273. Diarsip saka sing asli ing 2011-07-27. Dibukak ing 2013-02-25.
  3. Aquila Archived 2012-04-26 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 25 Pebruari 2013)