CORVUS

Peta Corvus
CekakanCrv
GenitifCorvi
Asensio rekta12
Deklinasi−20
Area184 derajad pesagi (#70th)
Lintang utama4
Lintang
Bayer/Flamsteed
10
Lintang
mawa planèt
1
Lintang padhang3
Lintang cedhak1
Lintang paling padhangγ Crv (Gienah) (2.59m)
Lintang paling cedhakRoss 695 ( tc)
Obyèk Messier0
Udan météorCorvids (June 26)
Rasi lintang
sing wewatesan
Virgo
Crater
Hydra
Katon antara lintang +60° lan −90°.
Katon paling cetha ing wektu 21.00 jroning sasi May.
'

Corvus inggih punika salah satunggaling rasi lintang ingkang wonten ing langit sisih kidul. Corvus inggih saking basa Latin kanggé manuk gagak. Rasi lintang punika namung gadhah sewelas lintang ingkang saged dipuntingali kanthi mripat langsung, ingkang padhangipun langkung saking magnitudo 5,5. Corvus kalebet salah atunggaling saking 48 rasi lintang ingkang dipundhaptar déning Ptolemy, ingkang namung dipunetang pitung lintang,[1] lan rasi lintang punika kalebet 88 rasi lintang modhèren.

Lintang-lintang

[besut | besut sumber]

Rasi lintang Corvus gadhah tlatah ingkang ambanipun kirang langkung 184 drajat persegi lan boten ngewrat kathah lintang ingkang dipunmangertosi minangka planit-planit. Rasi lintang punika saged ipuntingali wonten ing garis lintang antawisipun +60° lan-90° lan badhé katingal ingkang saé piyambak manawi dipuntingali ing jam 9 dalu ing salebeting sasi Mèi. Corvus namung ngewrat 11 lintang ingkang saged dipuntingali langsung kanthi mripat. Déné lintang-lintang ingkang wonten ing rasi lintang punika ing antawisipun inggih punika kados makaten:

Corvus taksih kalebet kulawarga saking rasi lintang Hercules, sesarengan kaliyan rasi lintang Hercules, Sagitta, Aquila, Lyra, Cygnus, Vulpecula, Hydra, Sextans, Crater, Ophiuchus, Serpens, Scutum, Centaurus, Lupus, Corona Australis, Ara, Triangulum Australe lan Crux. Déné ing sak kitering Corvus wonten rasi lintang sanèsipun inggih punika Virgo, Crater, lan Hydra.[5]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. Cithakan:1728
  2. Nickel, J., (1999): Lift Up Your Eyes on High: Understanding the Stars, Christian Liberty Press, p. 53.
  3. Bakich, M. E., (1995): The Cambridge Guide to the Constellations, Cambridge, Cambridge University Press, pp. 21,22.
  4. Mullaney, J., (2007): The Herschel objects and how to observe them <Astronomers' Observing Guides>, Springer, p. 39.
  5. Corvus Archived 2013-03-03 at the Wayback Machine. (dipunundhuh tanggal 20 Pebruari 2013)