LYRA

Peta Lyra
CekakanLyr
GenitifLyrae
Asensio rekta19
Deklinasi+40
Area286 derajad pesagi (#52nd)
Lintang utama5
Lintang
Bayer/Flamsteed
25
Lintang
mawa planèt
29
Lintang padhang1
Lintang cedhak3
Lintang paling padhangVega (α Lyr) (0.03m)
Lintang paling cedhak2MASS J18353790+3259545 ( tc)
Obyèk Messier2
Udan météorLyrids
June Lyrids
Alpha Lyrids
Rasi lintang
sing wewatesan
Draco
Hercules
Vulpecula
Cygnus
Katon antara lintang +90° lan −40°.
Katon paling cetha ing wektu 21.00 jroning sasi August.
[1]

Lyra (/[unsupported input]ˈlaɪərə/; Latin kanggé lyre, saking Yunani λύρα)[2] inggih punika salah satunggaling rasi lintang ingkang alit ingkang mapan wonten ing belahan langit sisih lor. RAsi lintang Lyra punika dipuntepangaken sepisanan déning astronom Yunani inggih punika Ptolemy wonten ing abad kaping kalih lan kalebet 88 rai lintang ingkang dipunakeni déning International Astronomical Union. Punika kalebet lintang ingkang pokok, Vega (Abhijit ing basa Sansekerta), pojoking segitiga mangsa panas, inggih punika salah satunggaling lintang ingkang padhang piyambak wonten ing langit. Rasi lintang Lyra punika dipunkiteri déning rasi-rasi lintang sanèsipun. Ing sisih lor dipunkiteri déning rasi lintang Draco, Hercules, Vulpecula, lan Cygnus.[3] Lyra inggih saged dipuntingali saking belahan langit sisih lor saking mangsa semi ngantos mangsa palastra. Saking belahan langit sisih kidul, saged dipuntingali sanajan boten patos cetha ing langkit lor wonten ing mangsa adhem.

Lintang-lintang

[besut | besut sumber]

Rasi lintang Lyra gadhah laladan ingkang ambanipun kirang langkung 286 drajat persegi lan ngewrat gangsal lintang ingkang dipunmangertosi minangka planit-planit. Rasi lintang Lyra saged dipuntingali wonten ing garis lintang ing antawisipun +90° lan-40° lan badhé katingal saé dipuntingali ing jam 9 dalu ing salebeting sasi Agustus. Déné lintang-lintang ingkang wonten ing rasi lintang Lyra ing antawisipun inggih punika:

Objek Lintang Lebet

[besut | besut sumber]

Rasi lintang punika inggih minangka dalemipun kathah objek langit pérangan lebet, ing antawisipun inggih punika:

Lyra inggih ugi taksih kalebet wonten ing kulawarga rasi lintang Hercules sesarengan kaliyan rasi lintang Hercules, Sagitta, Aquila, Cygnus, Vulpecula, Hydra, Sextans, Crater, Corvus, Ophiuchus, Serpens, Scutum, Centaurus, Lupus, Corona Australis, Ara, Triangulum Australe lan Crux. Rasi lintang ingkang wonten ing sakiteripun Lyra inggih punika rasi lintang Draco, Hercules, Vulpecula, lan Cygnus.[5]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. Ian Ridpath and Wil Tirion (2007). Stars and Planets Guide, Collins, London. ISBN 978-0-00-725120-9. Princeton University Press, Princeton. ISBN 978-0-691-13556-4.
  2. Lesley Brown: The New Shorter Oxford English Dictionary. Vol. 1: A−M. Clarendon Press, Oxford 1993, p. 1651
  3. Masalah sitiran: Tenger <ref> ora trep; ora ana tèks tumrap refs kanthi jeneng a
  4. Levy 2005, kc. 123.
  5. Lyra Archived 2012-05-04 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 17 Pebruari 2013)