Shmuel Yosef Agnon
שמואל יוסף עגנון
Lair(1888-07-17)17 Juli 1888
Buczacz, Galisia
(Buchach, Ukraina)
PatiFèbruari 17, 1970(1970-02-17) (umur 81)
Yérusalèm, Israèl
Bebungah utamaPenghargaan Nobel dalam Sastra
1966

Shmuel Yosef Agnon (Ivri: שמואל יוסף עגנון‎ ) inggih punika panarima Penghargaan Nobel babagan Sastra nalika taun 1966. Piyambakipun miyos wonten ing Galisia (sapunika Ukraina) nalika taun 1888 minangka Shmuel Yosef HaLevi Czaczkes. Piyambakipun nindakaken imigrasi dhateng Jaffa nalika taun 1908, nanging nelasaken taun 1913 dumugi taun 1924 wonten ing Jerman. Nalika taun 1924 piyambakipun wangsul malih dhateng Yerusalem, papan dunungipun dumugi piyambakipun tilar donya nalika taun 1970. Salah satunggaling novelis kawakan lan panulis cerkak wiwit timur, Agnon pikantuk sajumlah Penghargaan Sastra, kalebet ugi Penghargaan Israèl wonten ing 2 kesempatan.[1]

Agnon inggih punika pengarang buku kanthi basa Ibrani ingkang kathah dipunterjemahaken. Gaya basanipun ingkang unik sampun maringi prabawa panulisan génerasi pengarang Ibrani salajengipun. Sapérangan ageng karyanipun nyobi nangkep malih gesang lan pagesangan lan berbudaya masa rumiyin, nanging cariyosipun boten naté dados tindakan pelestarian prasaja. Cariyos-cariyos Agnon kaliyan prakawis psikologi lan filsafat saking generasinipun.

Karya

[besut | besut sumber]

Agnon nerbitaken 24 jilid novèl, novelatina, lan carita cekak. The Collected Works of S.Y. Agnon dipunterbitaken déning Schocken wonten ing 8 jilid antawis taun 1953-1962, dipunéwahi kanthi énggal kanthi 11 karya ingkang medal sasampunipun Agnon tilar donya.[2]

Antawis 85 karya S.Y. Agnon sampun dipunterjemahaken wonten ing salabeting 18 basa.

Basa Ibrani

[besut | besut sumber]

Wonten ing Terjemahan

[besut | besut sumber]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]

Pranala njaba

[besut | besut sumber]