Mikhail Aleksandrovich Sholokhov (basa Ruslan: Михаил Александрович Шолохов) (lair ing Kruskhilin (wonten ing Oblast Rostov), 24 Mèi 1905 – pati ing Vyoskhenskaya, 21 Fèbruari 1984 ing umur 78 taun) inggih punika salah satunggaling panulis novèl asal Ruslan. Piyambakipun menangaken Penghargaan Nobel babagan Sastra taun 1965.[1]

Pagesangan lan Karya

[besut | besut sumber]

Sholokhov miyos wonten ing kawasan Kamenskaya, Ruslan, wonten ing 'tanah bangsa Kossak'. Bapakipun salah satunggaling pamimpin kelas menengah bawah, nalika punika wong tani, pedagang kéwan, an tukang giling. Ibu Sholokhov asalipun saking Ukraina lan janda satunggaling tiyang Kossak. Ibunipun buta huruf nanging sinau maos lan nyerat kanggé komunikasi kaliyan putranipun. Sholokhov mlebet sekolah wonten ing Kargin, Moskow, Boguchar lan Veshenskaya dumugi taun 1918. Lajeng piyambakipun kagabung wonten ing sisih revolusioner wonten ing Perang Sadhérék Ruslan. Sakmenika piyambakipun taksih umur 13 taun.[2]

Sholokhov wiwit nyerat nalika yuswanipun ngancik angka 17 taun. Buku ingkang kapisanan, Tandha Lair, terbit nalika piyambakipun taksih 19 taun. Nalika taun 1922 Sholokhov pindhah dhateng Moskwa kanggé makarya minangka wartawan, nanging piyambakipun kedah njurung dhiri pribadinipun lumantar makarya manual. Piyambakipun salh satunggaling tiyang buruh pelabuhan, tukang watu, lan akuntan antawis taun 1922-1924, nanging kadang kala piyambakipun ugi ndhérék mendhet pérangan wonten ing "seminari" penulis. Karya ingkang kapisanan dipuncetak wujud artikel satir ingkang sesirah Sawijining Ujian (1922).[3][4]

Buku lan artikel

[besut | besut sumber]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]

Pranala njaba

[besut | besut sumber]