Artikel iki prelu dirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikel WikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawa wikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak.
Elias Canetti, Panarima Penghargaan Nobel babagan Literatur
Watu nisan Canetti ing Zürich, Switserlan
Wuta, 1931

Elias Canetti (Rousse, Bulgaria, 25 Juli 190514 Agustus 1994, Zurich) inggih punika salah satunggaling novelis ingkang miyos wonten ing Bulgaria, ingkang nyerat wonten ing basa Jerman lan pikantuk Penghargaan Nobel babagan Sastra nalika taun 1981.[1]

Pagesangan

[besut | besut sumber]

Elias Canetti inggih punika putra mbarep kulawarga pedagang Yahudi wonten ing Rustchuk (sapunika Rousse). Nenek moyangipun inggih punika tiyang Yahudi Sephardim ingkang dipunusir saking Spanyol nalika taun 1492. Nama asli kulawarganipun inggih punika Cañete, ingkang dipunpendhet saking nama sawijining désa wonten ing Spanyol. Elias nglampahi masa alitipun saking taun 1905 dumugi taun 1911 wonten ing Rustschuk dumugi kulawarganipun pindhah dhateng Inggris, amargi pakaryan bapakipun. Nalika taun 1912 bapakipun tilar donya, lan ibunipun pindhah kaliyan putra-putranipun dhateng Wina wonten ing taun ingkang sami.[2] Wekdal punika, Canetti sampun sinau Basa Ladino (basa ibunipun), basa Bulgaria, basa Inggris lan sakedhik basa Perancis (piyambakipun sinau kalih basa pungkasan wonten ing satunggal taun nalika taksih wonten ing Inggris). Ananing, gesang wonten ing Wina wiwit umur 7 taun, piyambakipun migunakaken basa Jerman (dipunajaraken déning ibunipun) minangka basa utamanipun. Ing wuri, kulawarganipun pindhah-pindhah, wiwit (saking taun 1916 dumugi taun 1921) dhateng Zürich lajeng (dumugi taun 1924) dhateng Jerman, ing mrika Canetti lulus saking SMA.[3]

Salah satunggaling studi ingkang saé piyambak babagan gesang lan karya Canetti dipuntindakaken déning psikoanalis Perancis Dr. Roger Gentis [1] Archived 2010-12-22 at the Wayback Machine., "La folie Canetti", terbit olèh Maurice Nadau di Paris.

Karya

[besut | besut sumber]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]

Pranala njaba

[besut | besut sumber]