Polyplacophora yaiku kelas saka anggota Avertebrata kang kagolong ing filum Mollusca.[1] Tuladha kang kondhang saka kelas iki yaiku Chiton sp..
Awaké bundher kaya endhog, tipis, lan simetris bilateral. Cangkemeé ora nambah gedhé lan anané ning endhas (anterior), nanging anusé ana ing posterior. Kéwan iki ora duwé tentakel lan mata. Permukaan dorsal awaké katutup karo mantel kang rangkepi karo kepingan kapur kang gunggungé wolu, kepingan kapur mau ngadhut serabut angsang. Kadang-kadang kepingan iku kabungkus lapisan kitin. Saluran mantel ana ing pinggiré awak. sikilé pipih lan racaké duwé ilat parut (radula).[2]
Organ pencernaan diwiwiti saka cangkem kang ana radulané lan untu – faring – weteng – usus alus – anus. Klanjer pencernaané yaiku hati kang langsung karo weteng.[2]
Sistem saraf kaya ali-ali esofagus lan ana loro cabang saraf kang mensarafi mantel lan laladan sikil. Ora ana ganglion kang jelas, nanging ana sel-sel ganglion ning cabang saraf.[2]
Sistem peredaran darah lakunair (kabuka) tuladhané jantung, aorta, lan sinus. Getih olih oksigèn saka angsang.[2]
Ekskresi diproses déning sapasang ginjel kang bermuara ning arah posterior.[2]
Reproduksi kanthi sèksual, yaiku katemuné sel oyum lan sel sperma kang ana ing individu lanang lan wadon.[2]
((cite book))
: Check |authorlink=
value (pitulung); External link in |authorlink=
(pitulung)
((cite book))
: Check |authorlink=
value (pitulung); External link in |authorlink=
(pitulung)CS1 maint: multiple names: authors list (link)