Crinoidea Kalamangsa: Ordovician-saiki | |
---|---|
Crinoidea, Apo Reef, dari Filipina | |
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Animalia |
Filum: | Echinodermata |
Subfilum: | Crinozoa |
Klas: | Crinoidea Miller, 1821 |
Sub-kelas | |
Articulata (540 spésies) |
Crinoidea (lili laut) ya iku kéwan laut kang wujudé kaya kembang lili. Jeneng iki dijupuk saka basa Yunani krinon kang maksudé "lili" lan eidos kang artiné "wujud".[1] Kéwan iki racaké urip ning banyu sing cethèk utawa ning sajeroné banyu nganti 6.000 mèter. Lili laut kang wis diwasa nèmplèk ning sak jeroné sagara karo nancepaké bongkoté.[2] Crinoidea kang ora duwé kayu sok karan bintang bulu[3] utawa comatulids.[4]
Crinoidea obah kanthi cara:
Banyu lumebu mring pori, saluran batu, saluran cincin kang ana mubengi otot mubeng, lumebuné banyu bakal gawé kontraksi otot kanggo ngobahaké sikil.
Crinoidea mangané knthi nyaring partikel cilik panganan saka banyu laut nggunakaké wulu kaya ta tangan. Pérangan iki duwé yiyid kang pliket, kang bakal nyekel panganan kang ngliwati dhèwèké. Sawisé panganan kecekel, bakal digawa mring celah ambulakral bersilia kang ana ning lengen lan pinula, terus dialiraké mring cangkem. Lumrahé, Crinoidea kang urip ing laladan karo populasi plangton sithik, bakal duwé pang tangan kang luwih akèh dibandingaké sing urip ning laladan manawa akèh planktoné.[5]
Crinoidea duwé organ pencernaan kang ana ning calyx. Panganan dibuang ning anus kang ana ning cedhak cangkem.
Bangsa kéwan • Eukariotik • Metazoa • Heterotrof • Kéwan segara | ||||||||||||||||||||||||||||
Avertebrata |
| |||||||||||||||||||||||||||
Vertebrata |
|