Platyhelminthes | |
---|---|
Klasifikasi ngèlmiah | |
Dhomain: | Eukaryota |
Karajan: | Animalia |
Filum: | Platyhelminthes |
Kelas | |
|
Platyhelminthes yaiku filum ing Karajan Animalia (kéwan).[1] Filum iki nyakup kabèh cacing pipih kejaba Nemertinea, kang biyèn minangka salah siji kelas Platyhelminthes, kang wis kapisah.[1]
Awake pipih dosoventral lan ora duwé segmen.[2] Lumrahé, golongan cacing pipih urip ing kali, tlaga, sagara, utawa minangka parasit ing jero organisme liyané.[2]. Cacing golongan iki sensitif banget karo cahya.[2] tuladhané Platyhelminthes yaiku Planaria kang kerep tinemu ing ngisor watu (dawane 2–3 cm), Bipalium kang urip ing ngisor lumut lembab (kira-kira dawane 60 cm), Clonorchis sinensis, cacing ati, lan cacing pita.[2]
Platyhelminthes minangka cacing kang kagolong triploblastik aselomata amarga duwé 3 lapisan embrional kang kasusun saka ektoderma, endoderma, lan mesoderma.[3] Nanging mesoderma cacing iki ora ngalami spesialisasi mula sel-selnya tetep seragam lan ora mbentuk sel kusus.[3]
Sistem pencernaan cacing pipih diarani sistem gastrovaskuler.[3] Ing kono peredaran panganan ora lumantar getih nanging lumantar usus.[3] Sistem pencernaan cacing pipih dimulai saka cangkem, faring, lan dterusake ing krongkongan.[3] Ing mburi krongkongan iki ana usus kang duwé cabang ing sakojur awak.[3] mula saliyané selain nyerna panganan, usus ga ngedarake panganan tekan sakojur awak.[3]
Bangsa kéwan • Eukariotik • Metazoa • Heterotrof • Kéwan segara | ||||||||||||||||||||||||||||
Avertebrata |
| |||||||||||||||||||||||||||
Vertebrata |
|