Nyai Ahmad Dahlan
LairSiti Walidah
1872
Kauman, Yogyakarta, Hindia Nèderlan
Pati31 Mèi 1946 (yuswa 73–74)
Kauman, Yogyakarta, Indonésia
Masjid Gedhé Kauman, Yogyakarta
BangsaIndonésia
PakaryanPekerja sosial
Taun aktif1914–1946
BebungahPahlawan Nasional Indonésia

Siti Walidah (187231 Mèi 1946), utawa Nyai Ahmad Dahlan, yaiku tokoh emansipasi wédok, garwane pendiri Muhammadiyah, Ahmad Dahlan uga Pahlawan Nasional Indonésia.

Biografi

[besut | besut sumber]

Kehidupan awal

[besut | besut sumber]

Nyai Ahmad Dahlan lair kanthi asma Siti Walidah ing Kauman, Yogyakarta, taun 1872. Nyai Ahmad Dahlan iku putrine Kyai Haji Muhammad Fadli, ulama uga anggota Kesultanan Yogyakarta;[1] laladan mapane iku akèh tokoh agama kang saka kraton. Nyai Ahmad Dahlan sekolah ing omahé, diajari warna-warna aspek babagan Islam, uga basa Arab lan Qur'an. Nyai Ahmad Dahlan maca Al Qur'an ing naskah Jawi.

Nyai Ahmad Dahlan nikah karo sepupune, Ahmad Dahlan.[1] Nalika Ahmad Dahlan nembé sibuk-sibuke ngadegaké Muhammadiyah, Nyai ngetutake garwane sasuwéné iku. Nanging, amarga sapérangan pamikiran Ahmad Dahlan babagan Islam dianggap radikal, pasangan iki asring diancem. Kayadene, sadurungé budhal menyang Banyuwangi, Jawa Wétan Nyai lan garwane diancem bakalan dipateni déning kaum konservatif ing kana.

Sopo Tresno lan Aisyiyah

[besut | besut sumber]

Nalika taun 1914 Nyai Ahmad Dahlan yasa Sopo Tresno. Nyai lan garwane gantenan anggoné mandhegani golongan iku nalika maca Al Qur'an lan ngrembugake tegesé.[1] Nyai banjur fokus marang ayat-ayat Al Qur'an kang ngrembug prakara kang ana gegayutane karo wong wédok. Knthi ngajari maca lan nulis ing Sopo Tresno, pasangan iki bisa ngurangi Kristenisasi ing Jawa liwat sekolah kang disponsori déning pamrintah kolonial.

Barengan karo garwane lan pemimpin Muhammadiyah liyané, Nyai Ahmad Dahlan ngrembug kepyakan Sopo Tresno minangka golongan wong wédok.[1] Nolak proposal kang pisanan, Fatimah, banjur ngganti jeneng Sopo Tresno dadi Aisyiyah, kang asalé saka jeneng garwane Muhammad, yaiku Aisyah. Kelompok anyar iki diresmikake tanggal 22 April 1917, Nyai Ahmad Dahlan kang dadi kepalane. Limang taun sabanjuré organisasi iki dadi bagiane Muhammadiyah.[1]

Warisan

[besut | besut sumber]

Tanggal 10 November 1971 Nyai Ahmad Dahlan didadèkaké Pahlawan Nasional Indonésia déning Présidhèn Suharto miturut Dudutan Présidhèn Nomor 42/TK Tahun 1971; Ahmad Dahlan diangkat dadi Pahlawan Nasional sepuluh taun kapungkur. Bebungah iku ditampa déning putune kang asma M Wardan.[1] Nyai Ahmad Dahlan wis dibandhingake karo pembela hak wong wédok, Kartini lan gerilyawan, Cut Nyak Dhien uga Cut Nyak Meutia.

Ing filem Sang Pencerah kang disutradarai déning Hanung Bramantyo, Nyai Ahmad Dahlan diparagakake Zaskia Adya Mecca déné Ahmad Dahlan diperagakake Lukman Sardi.[2]

Kehidupan pribadi

[besut | besut sumber]

Sawisé nikah,Nyai Ahmad Dahlan lan Ahmad Dahlan kanugrahan enem putra.

Deleng uga

[besut | besut sumber]

Rujukan

[besut | besut sumber]
  1. a b c d e f Republika (2008-09-29). "Nyai Ahmad Dahlan, Melawan Arus, Berdayakan Perempuan". Republika. Dibukak ing 2020-12-16.
  2. Kurniasari, Triwik (2010-08-22). "Zaskia Adya Mecca: Juggling Family and Movies". The Jakarta Post. Dibukak ing 2020-12-16.

Kapustakan

[besut | besut sumber]

Buku

Jurnal

Liyané