Herman Johannes
Mantri Pakerjaan Umum Républik Indonésia 7
Linggih
6 September 1950 – 27 April 1951
PrésidhènSoekarno
Kang sadurungéSitompul
Kang sawiséUkar Bratakusumah
Rerincèn dhiri
Lair(1912-05-28)28 Mèi 1912
Nèderlan Rote, NTT, Hindia Nèderlan
PatiOktober 17, 1992(1992-10-17) (umur 80)
Indhonésia Yogyakarta, Indonésia
BangsaIndonésia

Prof. Dr. Ir. Herman Johannes, asring uga diserat Herman Yohannes utawa Herman Yohanes (lair ing Pulo Rote, Nusa Tenggara Wétan, 28 Mèi 1912 – pati ing Ngayogyakarta, 17 Oktober 1992 ing umur 80 taun) ya iku cendekiawan, pulitikus, ilmuwan Indonésia, guru Gedhe Universitas Gadjah Mada (UGM), lan Pahlawan Nasional Indonésia. Panjenengané uga duwé jabatan dadi Rektor Universitas Gadjah Mada (1961-1966), Koordinator Perguruan Tinggi (Koperti) taun 1966-1979, anggota Dewan Pertimbangan Agung (DPA) RI (1968-1978), lan Menteri Pekerjaan Umum (1950-1951).[1][2]

Kauripan

[besut | besut sumber]

Sawisé Indonésia mardhika, Herman Johannes nerusaké pendhidhikan ing Sekolah Tinggi Tèknik ing Ngayogyakarta kang saiki jenengé dadi Fakultas Tèknik Universitas Gadjah Mada. Herman Johannes uga dadi wong kang ngadegaké Fakultas Tèknik UGM. Sawisé lulus saka kana, Herman Johannes nduwèni gelar insinyur. Nanging, gelar insinyur kuwi mau ora bisa ngalangi dhèwèké kanggo mèlu perang karo Walanda. Herman Johannes kalebu wong kang pinter gawé bom. Amarga dhèwèké duwé ilmu ing babagan Fisika lan Kimia, Letkol Suharto kang nalika jaman semana dadri Komandan Resimen XXII TNI ing Ngayogyakarta njaluk tulung marang Herman Johannes kanggo masang bom ing jembatan sepur ing dhaérah Kali Praga. Herman Johannes dijaluki tulung kanggo masang bom amarga dhèwèké ahli ing téori jembatan nalika sekolah ing Bandung.[3] Kawit biyèn Herman Johannes wis duwé pangalaman mèlu gerilya lan amarga kuwi, dhèwèké uga mèlu ing prastawa Serangan Umum 1 Maret 1949 ing kutha Ngayogyakarta nalika Ngayogyakarta bisa dadi ibu kota nagara 6 jam suwéné[1]

Taun 1955, Herman Johannes krama karo Annie Marie Gilbertine Amalo, ya iku anaké raja saka Leli ing Pulo Rote. Saka kramané, Herman Johannes duwé anak cacahé papat. Anak-anaké Herman Johannes, ya iku Christine, Henriette, Daniel Johannes, lan Helmi Johannes. Herman Johannes séda ing tanggal 17 Oktober 1992 amarga duwé lelara kanker prostat. Herman Johannes disarèkaké ing Pemakaman Keluarga UGM ing Sawitsari, Ngayogyakarta. Amarga duwé jasa-jasa kanggo nagara Indonésia, Herman Johannes diwènèhi gelar Pahlawan Nasional ing taun 2009 kang wektu kuwi Indonésia dipimpin déning Présidhèn Susilo Bambang Yudhoyono.[1]

Pendhidhikan

[besut | besut sumber]

Pakaryan

[besut | besut sumber]

Pamarkarya

[besut | besut sumber]

Makarya liya

[besut | besut sumber]

Karier Militer

[besut | besut sumber]

Pakumpulan

[besut | besut sumber]

Pangaji-aji

[besut | besut sumber]

Karya tulis

[besut | besut sumber]

Rujukan

[besut | besut sumber]
  1. a b c Raditya, Iswara N. "Herman Johannes, Tukang Insinyur yang Merepotkan Belanda". tirto.id (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2020-06-13.
  2. Media, Kompas Cyber. "Siapa Herman Johannes, Pahlawan di Mata Uang Pecahan Rp 100 Baru?". KOMPAS.com (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2020-06-13.
  3. Taufiq. "Herman Johannes, Rektor Kedua UGM yang Mahir Merakit Bom" (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2020-06-13.
  4. a b c d e "Herman Johannes". tirto.id (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2020-06-13.
  5. Rektor UGM
  6. "Sejarah KAGAMA". Diarsip saka sing asli ing 2009-12-08. Dibukak ing 2011-07-09.

Pranala njaba

[besut | besut sumber]


Didhisiki déning:
Sitompul
(({jabatan))}
1950-1951
Diganti déning:
Ukar Bratakusumah