Kosmologi |
|
Topik liya |
|
Sajeroné ngèlmu kosmologi fisik, inflasi kosmik utawa inflasi ya iku pangembangan eksponensial alam semesta anyar ning faktor 1078 kanggo volume, amarga ana dorongan kepadetan ènergi vakum kang tekananné négatif.[1]
Periode inflasioner kaping pisanan ya iku periode elektrolemah sawisé periode penyatuan agung. Periode iki kelakon awit 10−36 detik sawisé Ledakan Dahsyat nganti 10−33 dan 10−32 detik. Sawisé periode inflasioner, alam semesta terus ngembang, nanging karo laju kang luwih lendhet.
Istilah "inflasi" iku uga duwé pangerten manawa hipotesis inflasi uga tau kedadian. Hipotesis iki pisanan diusulaké ning taun 1980 déning fisikawan Amérikah Sarékat Alan Guth.[2] Téyori iki uga diusulaké déning Katsuhiko Sato ning taun 1981.[3]
Téyori inflasi njawab masalah lawas ning ngèlmu kosmologi Ledakan Dahsyat: keningapa alam dunya katon jembar lan datar, seragam, lan isotropik, nanging manawa dititeni saka ngèlmu fisika Ledakan Dahsyat, alam semesta kuduné bundher lan macm-macem, Inflasi uga njlèntrèhaké asal usul struktur kosmos kang gedhé.
Nanging mekanisme fisika partikel kang nyebabkaké kedadian inflasi durung dingerteni, gambaran dhasar kang nggambaraké prediksi-prediksi kang wis dipastikaké liwat pangamatan. Mula, inflasi saiki dianggap dadi péranganing kosmologi Ledakan Dahsyat. Partikel utawa medan dhasar kang dinuga njalari inflasi bisa kedadian karan inflaton.