Artikel iki macak aksara Jawa. Menawa pangluru sampéyan durung njurung karakter iku, sampéyan mokal ndeleng sawenèh tulisan sing nganggo aksara Jawa ing kaca iki. Kanggo ndandani, wacana Pitulung:Aksara Jawa.
Kosmologi
  • Umur alam semesta
  • Big Bang
  • Comoving distance
  • Cosmic microwave background
  • Energi peteng
  • Materi peteng
  • metrik FLRW
  • Persamaan Friedmann
  • Formasi galaksi
  • Hukum Hubble
  • Inflasi
  • Struktur skala gedhé
  • Model Lambda-CDM
  • Nukleosintesis
  • Pageseran abang
  • Wangun alam semesta
  • Garis wektu kosmologi
  • Garis wektu alam semesta
  • Ultimate fate of the universe
  • Alam semesta
Topik liya
  • Astrofisika
  • Relativitas umum
  • Fisika partikel
  • Gravitasi kuantum

Big Bang ing kosmologi iku salah siji téyori èlmu pangetauan kang njelasaké perkembangan lan wangun awal saka alam semesta. Téyori iki nelakaké yèn alam semesta iki kawangun saka jeblugan kang gedhé banget kang dumadi watara 13.700 yuta taun kapungkur. Jeblugan iki nglontaraké matéri kang cacahé akèh banget nuju kabèh panjuru ngalam semesta. Matéri-matéri iki kang banjur ngisi alam semesta iki kanthi wangun lintang, planit, lebu kosmis, asteroid/meteor, ènergi, lan partikel liyané ing alam semesta iki.

Para èlmuwan uga percaya yèn Big Bang mbentuk sistem tata surya. Gagasan sentral saka téyori iki ya iku yèn téyori relativitas umum bisa dikombinasikaké karo asil pamantauan ing skala gedhé tumrap obahing galaksi marang siji lan sijiné, lan ngramalaké yèn ing sawijining dina alam semesta bakal bali utawa terus. Konsekuensi alami saka Téyori Big Bang ya iku ing wektu biyèn alam semesta duwé suhu kang luwih dhuwur adoh lan karapetan kang adoh luwih dhuwur.

Uga delengen

[besut | besut sumber]
Wikipedia
Wikipedia
Artikel punika, artikel dhasar ingkang kedah dipundarbèni sadaya basa.