CETUS

Peta Cetus
CekakanCet
GenitifCeti
Asensio rekta1.42
Deklinasi−11.35
Area1231 derajad pesagi (#4th)
Lintang utama15
Lintang
Bayer/Flamsteed
88
Lintang
mawa planèt
22
Lintang padhang2
Lintang cedhak9
Lintang paling padhangβ Cet (Deneb Kaitos)† (2.04m)
Lintang paling cedhakLuyten 726-8 ( tc)
Obyèk Messier1
Udan météorOctober Cetids
Eta Cetids
Omicron Cetids
Rasi lintang
sing wewatesan
Aries
Pisces
Aquarius
Sculptor
Fornax
Eridanus
Taurus
Katon antara lintang +70° lan −90°.
Katon paling cetha ing wektu 21.00 jroning sasi November.
Note: †Mira (ο Cet) is magnitude 2.0 at its brightest.

Cetus (/[unsupported input]ˈstəs/) inggih punika salah satunggaling rasi lintang ing belahan langit. Nama rasi lintang Cetus punika asalipun saking mitos Cetus, inggih punika satunggaling monster laut ing mitos Yunani, lan rasi lintang punika ugi asring dipunsebat dados iwak paus sapunika. Cetus inggih mapan wonten ing laladan langit ingkang ngewrat rasi lintang sanèsipun ingkang gadhah gegayutan kaliyan toya kados ta rasi lintang Aquarius, Pisces, lan rasi lintang Eridanus.

Lintang-lintang

[besut | besut sumber]

Rasi lintang Cetus gadhah laladan ingkang ambanipun kirang langkung 1231 drajat persegi lan ngewrat sangang lintang ingkang dipunmangertosi minangka planit-planit. Rasi lintang punika saged dipuntingali ing garis lintang antawisipun +70° lan-90° lan ingkang saé piyambak dipuntingali ing jam 9 dalu ing salebeting sasi Novèmber. Déné lintang-lintang ingkang wonten ing rasi lintang punika inggih kados makaten:

Objek langit lebet

[besut | besut sumber]

Cetus ugi ngewrat sepasang objek langit pérangan lebet ingkang narik kawigatosanipun ingkang ningali. Messier 77 utawi NGC 1068 inggih gadhah magnitudo 9 ingkang minangka galaksi spiral ingkang dipunlarang, papanipun caket kaliyan delti Ceti, ingkang tebihipun 47 milyar taun cahya.[1] Recently, the galactic cluster JKCS 041 was confirmed to be the most distant cluster of galaxies yet discovered.[2] NGC 246 ugi dipunsbet ali-alinipun Cetus inggih minangka planit nebula ingkang gadhah magnitudo 8,0 kanthi tebihipun 1600 taun cahya saking bumi. NGC 246 ugi gadhah cekaka "Pac man Nebula".[3] Galaksi kluster JKSC 041 inggih satunggaling grup galaksi ingkang tebih ingkang sampun naté kapanggih, kirang langkung tebihipun 10,2 trilyun taun cahya.

Cetus inggih taksih kalebet satunggaling kulawarga rasi lintang Perseus, sesarengan kaliyan rasi lintangCassiopeia, Cepheus, Andromeda, Perseus, Pegasus, Auriga, Lacerta lan Triangulum. Déné rasi lintang sanèsipun ingkang wonten ing sak kiteripun rasi lintang Cetus inggih punika Aries, Aquarius, Pisces, Sculptor, Fornax, Eridanus lan Taurus.[4]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. a b Ridpath & Tirion 2001, kc. 114–116.
  2. "Scientists identify new galaxy". Metro. 23 Oktober 2009.
  3. Levy 2005, kc. 129.
  4. Cetus Archived 2012-04-01 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 23 Pebruari 2013)