Watu permata utawa watu aji ya iku mineral, watu kang diwangun saka kasil prosès géologi kang unsuré dumadi saka siji utawa sawatara komponèn kimia kang duwé rega larang, lan diminati déning para kolektor. Watu permata kudu dipolès sadurungé didadèkaké perhiasan.

Ing donya iki ora kabèh panggonan bisa tinemu watu permata. Ing Indonésia mung ana sawatara panggonan kang ngandhut watu permata antarané ing provinsi Banten misuwur kanthi Kalimayané, ing Pulo Kalimantan kanthi Kecubungé (amethys) lan Inten (berlian). Watu permata duwé jeneng saka aksara a nganti z kang diklasifikasèkaké miturut Skala Mohs, saka 1 nganti 10. Permata kang paling diminati ing donya ya iku kang mawa kristal, saliyané Berlian ya iku Zamrud, Ruby, Safir lan Mata kucing.

Sawetara jinis watu permata

[besut | besut sumber]

Watu permata kang durung ana jeneng Indonésia

[besut | besut sumber]