Ulfa Dwiyanti
Lair (1972-05-04) Mèi 4, 1972 (umur 52)
Bandung, Jawa Barat, Indonesia
BangsaIndonesia
PakaryanPresenter, Pelawak
BojoDhanny Indrianto (bercerai)
Muhammad Ikhlas Poll Jr. (bercerai)
Muhammad Abdul Hakim (bercerai)

Ulfa Dwiyanti (lair ing Bandung, 4 Mèi 1972; umur 52 taun).[1] Ulfa Dwiyanti iku presenter lan pelawak ing donyaning hiburan Indonesia.[1] Sawisé miwiti karire dadi penyiar radio, wong wadon kang nduwé dedeg 152 cm iki misuwur dadi kanca rakete Eko Patrio lan Taufik Savalas.[1]

Kauripan pribadi

[besut | besut sumber]

Ulfa Dwiyanti wis pegatan karo bojoné kang nomer telu kang jenengé Muhammad Abdul Hakim, SH, wong lanang kang asalé saka Padang, Sumatera Barat nalika tanggal 4 Dhésèmber 2006.[2] Ulfa Dwiyanti dinikahi karo Abdul Hakim nalika tanggal 19 September 2003 kapungkur ing Pondok Pesantren Suryalaya, Pagerageung, Tasikmalaya.[1] Pernikahan iki ing ngarepé guru besar Abah Anom lan kulawarga saka pengantin leloroné. Nanging leloroné banjur pegatan.[1] Sadurungé Ulfa Dwiyanti wis tau nikah karo Dhanny Indrianto.[1] Nanging pernikahané karo wong lanang kang duwé profesi dadi wartawan iku uga cerai.[1] Nalika tanggal 6 Fèbruari 2000, Ulfa Dwiyanti nikah manèh karo wong lanang kang asalé saka Walanda kang jenengé Klaas Poll Jr., kang ganti jeneng dadi Muhammad Ikhlas Poll Jr.[1] Nanging leloroné uga cerai nalika sasi Dhésèmber 2001 ing Pengadilan Agama Jakarta Selatan.[1]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. a b c d e f g h i m.kapanlagi.com(dipunundhuh tanggal 31 Juli 2011)
  2. pikiran-rakyat.com Archived 2007-10-22 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 31 Juli 2011)