Taufik Savalas | |
---|---|
Lair | Muhammad Taufik Bin Muhammad Yusuf Masri 9 Juni 1966 |
Pati | Juli 11, 2007 Purworejo, Indonésia | (umur 41)
Pakaryan | Aktor, presenter |
Taun aktif | 1990-2007 |
Bojo | Rina Rosdiana (1998-2007) |
Anak | Moch Abizard Adinda Fatima |
Taufik Savalas (lair ing Jakarta, 9 Juni 1966 – pati ing Bagelen, Purworejo, Jawa Tengah, 11 Juli 2007 ing umur 41 taun), iku panatacara ning acara televisi lan pelawak Indonesia.[1] Jeneng asliné Muhammad Taufik bin Muhammad Yusuf Masri, kariré dimulai saka ngisor, Taufik Savalas uga pernah nganggur nganti 15 taun sewené, nuli pernah dadu kondektur lan pengamen.[1] Pelawak iki ninggal dunya ning dina Rebo bengi tanggal 11 Juli 2007 amarga kacilakan lalu lintas ning Purworejo, Jawa Tengah.[1] Ning umur 41 taun, Taufik Savalas ninggal bojo (Rina Rusdiana) lan anaké (Muhammad Abizard lan Adinda Fatima kang lair tanggal 14 Januari 2001).[1][2]
Ning taun 1990 Taufik Savalas ngelamar kerja dadi penyiar radio Humor Suara Kejayaan (SK), amarga awit cilik, dhèwèké péngin dadi pelawak lan mènèhi hiburan kanggo wong akèh.[1] Radio Humor Suara Kejayaan memang kondhang dadi gudangé pelawak, ning SK Taufik kenal karo Warkop kang dipelopori déning Dono, Kasino lan Indro.[1]
Taun 1995, Taufik mutusaké metu saka radio SK kanggo nyoba golèk pengalaman anyar.[1] Taufik wiwit njajal layar kaca, dadi bintang tamu lan panatacara ning stasiun televisi.[1] Akhiré Taufik uga nyicipi dunya akting lan mbintangi iklan.[1] Salah sijining iklan kang dibintangi Taufik ya iku iklan sabun Lifebuoy dhèwèké uga didadikaké duta Lifebuoy kanggo kampayé babagan urip séhat.[1]
Sinetron kang pernah dibintangi almarhum Taufik Savalas [1]:
Iklan kang pernah dibintangi almarhum Taufik Savalas [1]:
Acara Televisi kang pernah dipandu déning Taufik Savalas [1]: