Tulip
Cultivated tulip-Floriade 2005, Canberra
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Plantae
Unranked: Angiospermae
Unranked: Monocots
Ordho: Liliales
Famili: Liliaceae
Génus: Tulipa
Spesies

Pirsani teks

Tulip (Tulipa) wujud jeneng génus kanggo 100 spésies tetuwuhan ngembang sing kalebu sajeroning kulawarga Liliaceae. Tulip asalé saka Asia Tengah, tuwuh alasan ing kawasan pagunungan Pamir lan pagunungan Hindu Kush lan stepa ing Kazakhstan. Nagari Walanda misuwur minangka nagari kembang tulip. Tulip uga wujud kembang nasional Iran lan Turki.

Tulip wujud tuwuhan taunan mawa umbi sing dhuwuré watara 10–70 cm, godhongé lapis lilin, wangun ciut dawa warna ijo rada biru, lan ukuran kembangé gedhé kapérang saka 6 lèr godhong makutha. Tulip asil silangan ngasilaké kembang warna tunggal, abang, oranye, kuning, ijo, biru, ungu, utawa manéka macem kombinasi lan gradhasi warna. Tulip ngasilaké wiji-wiji wangun bunder gèpèng sing diwungkus kapsul garing.

Kayadéné kembang mawar, lili, anggrèk lan peony, tulip iku tetuwuhan ngembang sing paling akèh dibudidayakaké manungsa.

Sapérangan spésies

  • Tulipa acuminata
  • Tulipa agenensis
  • Tulipa armena
  • Tulipa aucheriana
  • Tulipa batalinii
  • Tulipa bakeri
  • Tulipa biflora
  • Tulipa borszczowii
  • Tulipa butkovii
  • Tulipa carinata
  • Tulipa celsiana
  • Tulipa clusiana
  • Tulipa cretica
  • Tulipa cypria
  • Tulipa dasystemon
  • Tulipa didieri
  • Tulipa dubia
  • Tulipa edulis
  • Tulipa ferganica
  • Tulipa gesneriana
  • Tulipa goulimyi
  • Tulipa greigii
  • Tulipa grengiolensis
  • Tulipa heterophylla
  • Tulipa hoogiana
  • Tulipa humilis
  • Tulipa iliensis
  • Tulipa ingens
  • Tulipa julia
  • Tulipa kaufmanniana
  • Tulipa kolpakowskiana
  • Tulipa kurdica
  • Tulipa kuschkensis
  • Tulipa lanata
  • Tulipa lehmanniana
  • Tulipa linifolia
  • Tulipa marjolettii
  • Tulipa mauritania
  • Tulipa micheliana
  • Tulipa montana
  • Tulipa orphanidea
  • Tulipa ostrowskiana
  • Tulipa platystigma
  • Tulipa polychroma
  • Tulipa praecox
  • Tulipa praestans
  • Tulipa primulina
  • Tulipa pulchella
  • Tulipa retroflexa
  • Tulipa saxatilis
  • Tulipa sharonensis
  • Tulipa sprengeri
  • Tulipa stapfii
  • Tulipa subpraestans
  • Tulipa sylvestris
  • Tulipa systola
  • Tulipa tarda
  • Tulipa tetraphylla
  • Tulipa tschimganica
  • Tulipa tubergeniana
  • Tulipa turkestanica
  • Tulipa undulatifolia
  • Tulipa urumiensis
  • Tulipa urumoffii
  • Tulipa violacea
  • Tulipa whittalli

Pranala njaba