Artikel iki prelu dirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikel WikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawa wikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak.
Sevilla FC yaiku jeneng tim bal-balanSpanyol, mapan ing Sevilla. Tim iki diadekaké taun1905. Sevilla mung pisan dadi juara Liga Spanyol (La Liga), yaiku ing taun1946. Nalika taun2006 Sevilla juara Piala UEFA sing kapisan sawisé ngalahaké Middlesbrough F.C. 4-0 ing final lan ing kompetisi Piala Super Éropah tim iki bisa dadi juara sing kapisan ing sajarah tim iki kanthi ngalahaké FC Barcelona kanthi skor 3-0.
Taun2007 Sevilla wés kasil dadi juara Piala UEFA sing kaloro sawisé ngalahaké RCD Espanyol léwat adu pinalti (3-1) sawisé ing tetandhingan 90 menit lan nalika perpanjangan wektu skor seri 2-2. Saliyané iku tim iki wes kasil éntuk piala Copa del Rey sing kapisan uga sawisé ngalahaké Getafe kanthi skor 1-0 lan éntuk Supercopa de España nalika ngalahaké Real Madrid kanthi agregat 6-3.