Bal-balan iku dolanan bal kang dimainaké déning rong tim, lan saben tim dumadi saka 11 juru main. Lumebu ing abad 21, ulah raga iki wis dimainaké punjul 250 yuta wong ing 200 nagara, lan ndadèkaké ulah raga paling kondhang ing donya.[1][2][3][4] Bal-balan iku tujuané nyithak gol sakakèh-akèhé kanthi nganggo bal saka kulit ing gawang mungsuh. Bal-balan dimainaké ing njero lapangan kang dhapuré pesagi dawa, ing dhuwur suket utawa suket sintètis.
Lumrahé kang tukang jaga gawang kang duwé hak démok bal nganggo tangan utawa lengen ing njero laladan gawangé, nanging 10 (sepuluh) juru main saliyané amung diidinaké nggunakaké kabèh awaké saliyané tangan, lumrahé nganggo sikil kanggo nendhang, dhadha kanggo ngontrol, lan sirah kanggo nyundhul bal. Tim kang nyithak gol luwih akèh ing akir iku dadi kang menang. Nanging angger nganti wektu entèk isih imbang, bisa dianakaké undhian, ndawakaké wektu utawa adu penalti, iku manut karo format kang gawé kejuwaran.[5]
Aturan permainan/tetandhingan lumrahé dianyaraké saben taun déning indhuk organisasi bal-balan internasional (FIFA), kang uga nindakaké Piala Donya saben patang taun sapisan.[6]
Sajarahé ulah raga bal-balan diwiwiti awit abad angka 2 lan angka 3 sadurungé Masèhi ing Cina.[7] Ing jaman Dinasti Han mau, masarakat nggiring bal asalé saka kulit lan nendhang tumuju jaring kang cilik.[7] Dolanan mèh padha uga dimainaké ing Jepang kanthi sinebut Kemari.[8] Ing Italia, dolanan nendhang lan nggawa bal uga disenengi wiwit abad angka 16.[8]
Bal-balan modhèren wiwit ngrembaka ing Inggris lan dadi banget disenengi.[7] Ing sapérangan kompetisi, permainan iki nimbulaké akèh kekerasan suwéné tetandhingan saéngga akiré Raja Edward III nglarang ulah raga iki dimainké nalika taun 1365.[7] Raja James I saka Sekotlan uga njurung larangan kanggo main bal-balan.[7] Nalika taun 1815, sawijining pakembangan gedhé njalari bal-balan dadi kondhang ing lingkungan universitas lan sekolah.[7] Lair bal-balan modhèren dumadi ing Freemasons Tavern taun 1863 nalika 11 sekolah lan klub kumpul lan ngrumusaké aturan baku kanggo permainan mau.[8] Bebarengan karo iku, dumadi pamisahan kang cetha antarané ulah raga rugby karo bal-balan (soccer).[8] Nalika taun 1869, nggawa bal nganggo tangan wiwit dilarang sajeroning bal-balan.[7] Sakwéné taun 1800-an, ulah raga mau digawa déning pelaut, pedagang, lan bala Inggris menyang manéka wilahan donya.[7] Nalika taun 1904, asosiasi paling dhuwur bal-balan donya (FIFA) diwangun lan ing awal taun 1900-an, manéka kompetisi dimainké ing manéka nagara.[7]
Peraturan resmi permainan bal-balan (Laws of the Game) ya iku:
Aku dinggo bal-balan, tegesé aku didadèkaké sasaran, utawa kanggo uncal-uncalan.
the game is complex enough not to be invented independently by many preliterate cultures and yet simple enough to become the world's most popular team sport
((cite book))
: CS1 maint: multiple names: editors list (link)
During the twentieth century, soccer emerged as the world's most popular team sport
Soccer is the most popular sport in the world and is an industry worth over US$400 billion world wide. 80% of this is generated in Europe, though its popularity is growing in the United States. It has been estimated that there were 22 million soccer players in the world in the early 1980s, and that number is increasing. In the United States soccer is now a major sport at both the high school and college levels
Wikimedia Commons duwé médhia ngenani Football (Soccer). |
Bal-balan internasional | ||
---|---|---|
FIFA • Piala Donya • Piala Konfederasi • Piala Donya U-20 • Piala Donya U-17 • Olimpiade • Asian Games • All-Africa Games • Pan American Games • Turnamèn cilik • Rengking donya • Pemain Paling Apik Donya • Tim • Kompetisi • Federasi • Kodhe | ||
Asia | AFC – Piala Asia | |
Afrika | CAF – Piala Afrika | |
Amerika Lor, Tengah, lan Karibia | CONCACAF – Piala Emas | |
Amerika Kidul | CONMEBOL – Copa América | |
Oseania | OFC – Piala Oseania | |
Eropah | UEFA – Piala Eropah | |
Non-FIFA | NF-Board – Piala Donya VIVA |