Rabat الرباط ar-Rabāṭ | |
---|---|
Nagara | Maroko |
Region | Rabat-Salé-Zemmour-Zaer |
Dibentuk pertama | Abad ke-3 SM |
Pamaréntahan | |
• Jinis | Monarki |
• ruler | Mohammed VI |
• mayor | Fathallah Oualalou[1] |
Laladan | |
• City | 1.088,77 km2 (142,778 sq mi) |
• Land | 634,5 km2 (245 sq mi) |
Élepasi[2] | 75 m (246 ft) |
Cacah warga (2010) | |
• City | 650 000 |
• Pepadhet | 5.321/km2 (13,780/sq mi) |
• Urban | 1,787,307 |
Situs wèb | http://www.rabat.ma/ |
Rabat, populasi 1,2 yuta jiwa (taun 2005), iku kutha krajan Maroko. Kutha iki dumunung ing Samodra Atlantik ing sungapan Kali Bou Regreg ing koordinat 34°02' LU 6°51' BB[pranala mati permanèn].
Endepan blethok wis njalari peranan kutha iki minangka pelabuhan tansaya suda. Sanadyan mangkono, Rabat lan kutha ing sacedhaké Salé isih duwé indhustri-indhustri tèkstil, pemrosesan panganan lan konstruksi kang isih cukup wigati.
Saliyané iku, pariwisata lan anané kadhutaan besar ing Maroko nggawé kutha ini paling wigati kaloro sawisé Casablanca.
Wis ana pamukiman ing tlatah iki wiwit jaman kuna. Rabat dadi bètèng Muslim watara taun 700. Sadurungé kamardikan Maroko taun 1956, Rabat dadi kutha krajan protektorat Prancis wiwit dijajah déning Prancis taun 1912.
Universitas Muhammad V dumunung ing kutha iki.
Wikimedia Commons duwé médhia ngenani Rabat. |