Muslim artinipun tiyang Islam (nyakseni yèn Tuhanipun namung Allah, lan nyeksèni yèn Kanjeng Muhammad) punika utusanipun Allah. Kanggé tiyang Islam kedah mangertasi rukun Islam ingkang cacahipun wanten 5 (Syahadat, Salat, Pasa, Jakat, Kaji) lan rukun Iman ingkang cacahipun wanten 6 (Iman dateng Allah, iman dateng Malaékat, iman dateng Rasul, iman dateng kitab, iman dateng hari akir, lan iman dateng qodho' dan qodar).
Ciri-cirinipun sipat lan tindakan tiyang Islam ingkang mau muslim yoiku:
Adil ategese boten mihak utawa imbang yèn ngecakaké ukuman.
Amal Saleh ategese nglakone kang apik-apik kemawon ingkang kanduwèni manfaat dhumateng urip brebrayan.mèlu Hamemayu Hayning Bawono.
Amal Jariyah ategese nglakone tumindakan kang bermanfaat trus-trusan,contoné yasa Masjid,Panjenengan nulis ngèlmu wonten eklopedia punika ngèlmu ingkang sanget dipunmanfaataken tiyang akèh sarana ikhlas.
Amar ma'ruf ngajak tiyang sanès tumindak Amal saleh lan Amal Jariyah.
Nahi mungkar,tegesipun nyegah prakawis ingkang dilarang kaliyan agami.
Bekti dateng tiyang sepuh kaleh.
mahabbah(seneng lan remen) dhumateng Allah kaliyan Rosulipun.
Luma ,Seneng ambiyantu dateng sinten kemawan ingkang mbutuhake.
Ora lumeh seneng nyambut gawé.
Ngormati tiyang sanès,boten adigang adigung adiguna.