NORMA

Peta Norma
CekakanNor
GenitifNormae
Asensio rekta16.05
Deklinasi−52.01
Area165 derajad pesagi (#74th)
Lintang utama2
Lintang
Bayer/Flamsteed
13
Lintang
mawa planèt
4
Lintang padhang0
Lintang cedhak0
Lintang paling padhangγ2 Nor (4.01m)
Lintang paling cedhakHD 145417 ( tc)
Obyèk Messier0
Udan météorGamma Normids
Rasi lintang
sing wewatesan
Scorpius
Lupus
Circinus
Triangulum Australe
Ara
Katon antara lintang +30° lan −90°.
Katon paling cetha ing wektu 21.00 jroning sasi July.
'

Norma inggih punika salah satunggaling rasi lintang ingkang alit lan boten patos narik kawigatosanipun para panalti ingkang mapan wonten ing belahan langit sisih kidul, ing antawisipun rasi lintang Scorpius lan Centaurus. Nama Norma punika ingih saking basa Latin, normal.

Sajarah

[besut | besut sumber]

Norma inggih gadhah nama asli l’Equerre et la Regle wonten ing basa Prancis, ingkang punika kalebet salah satunggaling rasi lintang ingkang kapanggih déning Abbé de Lacaille ing tengahan taun 1750, nalika piyambakipun nembé ngukur lan nliti 10.000 lintang wonten ing Cape of Good Hope.[1] Norma nggambaraken kothakan tukang kayu, ingkang dipun-ginakaken wonten ing Age of Exploration déning penjelajah kayu wonten ing kapal eksplorasi.

Lintang - lintang

[besut | besut sumber]

Rasi lintang Norma gadhah tlatah ingkang ambanipun kirang langkung 165 drajat persegi lan ngewrat sekawan lintang ingkang dipunmangertosi minangka planit - planit. Rasi lintang Norma punika saged dipuntingali ing garis lintang antawisipun +30° lan -90° lan badhé katingal ingkang saé piyambak wujudipun manawi dipuntingali ing jam 9 dalu ing salebeting Juli. Norma boten gadhah kathah nama lintang- lintang ing lebetipun, lan ingkang paling terang nomer satunggal namung gadhah magnitudo sekawan. Lintang alpha lan beta purwakanipun dipuntunjuk lan sasampunipun dipuntugasaken déning rasi lintang Scorpius lajeng gantos nama dados N Scorpii lan H Scorpii. Déné ing salebeting rasi lintang punika, lintang- lintang ingkang kaanggep baku ing antawisipun inggih kados makaten:

Objek langit Lebet

[besut | besut sumber]

Sanajan to lokasi rasi lintant punika wonten ing salebeting galaksi Bimasekti, rasi lintang punika ugi gadhah objek langit pérangan lebet, déné ingkang kathah piyambak dipunmangertosi inggih punika NGC 6087.

Norma inggih kalebet wonten ing kulawarga rasi lintang Lacaille, sesarangen kaliyan rasi lintang Circinus, Telescopium, Microscopium, Sculptor, Fornax, Caelum, Horologium, Octans, Mensa, Reticulum, Pictor lan Antlia. Rasi lintang punika dipunkiteri kaliyan rasi-rasi lintang sanèsipun inggih punika rasi lintang Scorpius, Lupus, Circinus, Triangulum Australe lan Ara.[2]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. Ridpath, Ian. "Norma". Star Tales. Dibukak ing 9 July 2012.
  2. Norma Archived 2012-05-06 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 17 Pebruari 2013)

Cithakan:88 Rasi Lintang modhern