ANTLIA

Peta Antlia
CekakanAnt
GenitifAntliae
Asensio rekta10
Deklinasi−30
Area239 derajad pesagi (#62nd)
Lintang utama3
Lintang
Bayer/Flamsteed
9
Lintang
mawa planèt
2
Lintang padhang0
Lintang cedhak2
Lintang paling padhangα Ant (4.25m)
Lintang paling cedhakDEN 1048-3956[1] ( tc)
Obyèk Messier0
Udan météorNone
Rasi lintang
sing wewatesan
Hydra
Pyxis
Vela
Centaurus
Katon antara lintang +45° lan −90°.
Katon paling cetha ing wektu 21.00 jroning sasi April.
'

Antlia (/[unsupported input]ˈæntliə/; saking basa Yunani Kuno ἀντλία) inggih punika salah satunggaling rasi lintang ingkang lemah lan mapan wonten ing belahan langit sisih kidul. Antlia gadhah teges "pompa" lan kanthi spesifik nggambaraken satunggaling pomba banyu. Rasi lintang Antlia inggih dipundamel ing abad kaping wolulas lan Antlia inggih kalebet rasi lintang ingkang lemah. Antlia dipunkiteri déning rasi lintang Hydra (ula laut), Pyxis (kompas), vela (jala) lan Centaurus (pemburu). Grup rasi lintang punika inggih mapan wonten ing langit kidul lan badhé katingal ing pungkasaning musin adhem lan ing salebeting mangsa semi. NGC 2997, inggih punika salah satunggaling galaksi spiral lan galaksi Antlia Dwarf mapan wonten ing sakiteripun rasi lintang Antlia.

Sajarah

[besut | besut sumber]

Antlia inggih dipundamel sepisanan ing taun 1756 déning astronom Prancis, inggih punika Abbé Nicolas Louis de Lacaille, tiyang ingkang damel sekawan welas rasi lintang ingkang wonten ing langit kidul kanggé ngisi sapérangan laladan ingkang lemah.[2] Rasi lintang Antlia gadhah nama asli Antlia pneumatica lan dipunsebat "Machine Pneumatique" ing basa Prancis.[3] Rasi lintang Antlia inggih sampun kalebet wonten ing 88 rasi lintang modhern ingkang dipuntemtokaken deining International Astronomical Union.

Lintang-lintang

[besut | besut sumber]

Rasi lintang Antlia gadhah dhérah ingkang ambanipun kirang langkung 239 drajat persegi lan ngewrat satunggal lintang ingkang dipunmangertosi minangka planit-planit. Rasi lintang punika saged dipuntingali ing garis lintang antawisipun +45° lan-90° lan badhé katingal ingkang saé piyambak manawi dipuntingali ing jam 9 dalu ing salebeting sasi April. Antlia gadhah sekawan lintang ingkang paling wigati, lan boten wonten saking sekawan lintang kasebat ingkang gadhah magnitudo langkung ageng saking 3,5.

Déné lintang-lintang ingkang wonten ing rasi lintang punika ing antawisipun inggih kados makaten:

Rasi lintang Antlia inggih taksih kalebet wonten ing kulawarga rasi lintang Lacaille sesarengan kaliyan rasi lintang Norma, Circinus, Telescopium, Microscopium, Sculptor, Fornax, Caelum, Horologium, Octans, Mensa, Reticulum lan Pictor. Déné rasi lintang sanèsipun ingkang mapan wonten ing sak kiteripun rasi lintang Antlia inggih punika rasi lintang Hydra, Pyxis, Vela lan Centaurus.[5]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. "The 100 Nearest Star Systems". Research Consortium on Nearby Stars. 1 January 2012. Dibukak ing 8 April 2012.
  2. a b c Ridpath 2001, kc. 74–76
  3. Pasachoff 2000
  4. Moore & Tirion 1997
  5. Antlia Archived 2013-02-17 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 25 Pebruari 2013)