MUSCA

Peta Musca
CekakanMus
GenitifMuscae
Asensio rekta12.456
Deklinasi−70.341
Area138 derajad pesagi (#77th)
Lintang utama6
Lintang
Bayer/Flamsteed
13
Lintang
mawa planèt
1
Lintang padhang1
Lintang cedhak1
Lintang paling padhangα Mus (2.69m)
Lintang paling cedhakGliese 440 ( tc)
Obyèk Messiernone
Udan météor?????
Rasi lintang
sing wewatesan
Katon antara lintang +10° lan −90°.
Katon paling cetha ing wektu 21.00 jroning sasi Mèi.
'
rasi lintang Musca

Musca (Latin: fly) inggih punika salah satunggaling rasi lintang ingkang alit lan minoritas ingkang mapan wonten ing wilahan langit sisih kidul. Rasi lintang punika inggih kalebet salah satunggal saking kalih welas rasi lintang ingkang dipundamel déning Petrus Plancius saking asiling observasi Pieter Dirkszoon Keyser lan Frederick de Houtman lan rasi lintang punika sepindhah dipunwedalaken kanthi dhiamèter ing péta langit ingkang dipunwedalaken ing taun 1597 utawi 1598 wonten ing Amsterdam déning Petrus Plancius lan Jodocus Hondius. Rasi punika medal wonten ing atlas langit sepindhah wonten ing Uranometria kagunganipun Hohann Bayer ing taun 1603.

Lintang-lintang

[besut | besut sumber]

Rasi lintang Musca gadhah tlatah ingkang ambanipun kirang langkung 138 drajat pesagi lan ngewrat satunggal lintang ingkang dipunmangertosi minangka planit-planit. Rasi lintang Musca punika saged dipuntingali ing garis lintang antawisipun +10° lan-90° lan badhé katingal ingkang saé piyambak wujudipun manawi dipuntingali ing jam 9 dalu ing salebeting wulan Mèi. Musca boten gadhah kathah lintang-lintang ingkang padhangipun langkung saking tigang magnitudo. Déné lintang-lintang ingkang wonten ing rasi lintang Musca, ing antawisipun inggih punika:

Objèk langit lebet

[besut | besut sumber]

Musca gadhah sapérangan objèk langit pérangan lebet ingkang saged dipuntliti, kados ta:

Musca inggih kalebet wonten ing kulawarga rasi lintang Johann Bayer, sesarangen kaliyan rasi lintang Hydrus, Dorado, Volans, Apus, Pavo, Grus, Phoenix, Tucana, Indus lan Chamaeleon. Rasi lintang punika dipunkiteri kaliyan rasi-rasi lintang sanèsipun inggih punika rasi lintang Apus, Carina, Centaurus, Chamaeleon, Circinus lan Crux.[2]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. The Deep Photographic Guide to the Constellations: Musca
  2. Musca Archived 2012-05-06 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 17 Pebruari 2013)

Cithakan:88 Rasi Lintang modhern