Artikel iki ditulis nganggo basa krama.
CHAMAELEON

Peta Chamaeleon
CekakanCha
GenitifChamaeleontis
Asensio rekta11
Deklinasi−80
Area132 derajad pesagi (#79th)
Lintang utama3
Lintang
Bayer/Flamsteed
16
Lintang
mawa planèt
1
Lintang padhang0
Lintang cedhak0
Lintang paling padhangα Cha (4.05m)
Lintang paling cedhakα Cha ( tc)
Obyèk Messier0
Udan météorNone
Rasi lintang
sing wewatesan
Musca
Carina
Volans
Mensa
Octans
Apus
Katon antara lintang +0° lan −90°.
Katon paling cetha ing wektu 21.00 jroning sasi April.
'

Chamaeleon (/kəˈmliən/) inggih punika salah satunggaling rasi lintang ingkang alit lan lemah ingkang mapan wonten ing wilahan langit sisih kidul. Rasi lintang punika sepindhaipun dipunandharaken ing abad kaping enem welas déning astronom lan kartografer saking Walandi, Petrus Plancius saking asiling observasi lan panalitèn panaliti saking Walandi inggih punika Pieter Dirkszoon Keyser lan Frederick de Houtman.[1] Chamaeleon sepindhahipun dipungambaraken wonten ing atlas langit ing Uranometria Johann Bayer ing taun 1603.

Lintang-lintang

Rasi lintang Chamaeleon gadhah tlatah ingkang ambanipun kirang langkung 132 drajat pesegi lan ngewrat satunggal lintang ingkang dipunmangertosi minangka planit-planit. Rasi lintang punika saged dipuntingali ing garis lintang antawisipun +0° lan-90° lan ingkang saé piyambak dipuntingali ing jam 9 dalu ing salebeting wulan April. Boten wonten lintang ing Chamaeleon ingkang padhangipun langkung saking sekawan magnitudo. Déné lintang-lintang ingkang wonten ing rasi lintang punika inggih kados makaten:

Objèk langit lebet

Objek langit pérangan lebet ingkang kapanggih ing Chameleon ing taun 1999. Objèk punika minangka kluster ingkang boten limrah ingkang ngewrat udakawis 12 lintang ingkang paling enèm (8 milyar taun umuripun), ingkang mapan wonten ing punjering eta Chamaeleontis. Punika inggih kluster kebikak ingkang sepindhah kapanggih amargi objèk punika minangka anggota saking lintang sinar X. Kluster eta Chamaeleontis inggih gadhah wujud ingkang boten limrah amargi objèk punika medal kanthi kaisolasi, boten gadhah lebu utawi gas awan ingkang padatanipun ngewrat ing objèk lintang sanèsipun.[2]

Chamaeleon inggih taksih kalebet satunggaling kulawarga rasi lintang Johann Bayer, sesarengan kaliyan rasi lintang Hydrus, Dorado, Volans, Apus, Pavo, Grus, Phoenix, Tucana, Indus lan Musca. Déné rasi lintang sanèsipun ingkang wonten ing sak kiteripun rasi lintang Circinus inggih punika Musca, Carina, Volans, Mensa, Octans lan Apus.[3]

Cathetan suku

  1. Ridpath & Tirion 2001, kc. 116–117.
  2. Luhman, K.L. & Steeghs, D. 2004, ApJ, 609, 917
  3. Chamaeleon Archived 2012-01-19 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 23 Pebruari 2013)