Katerangan priangga | |||
---|---|---|---|
Jeneng dawa | Mohd Safee Bin Mohd Sali | ||
Dhuwur | 1.68 m (5 ft 6 in) | ||
Posisi main | Penyerang | ||
Katerangan klub | |||
Tim saiki | Pelita Jaya Jawa Barat | ||
Angka | 10 | ||
Karir sénior* | |||
Taun | Tim | Main (Gul) | |
2003–2005 2005–2006 2006–2011 2011–kini |
Kuala Lumpur FA Sarawak FA Selangor FA Pelita Jaya Jawa Barat |
? (10) ? (35) 5 (4) ? (20) | |
Tim nasional‡ | |||
2004–2007 2007–kini |
U-23 Malaysia Malaysia |
24 (10) 19 (7) | |
* Gunggung main lan gul ing klub sénior tumrap liga dhomèstik iki mligi lan patitis per pukul 19 Dhésèmber 2010. |
Mohd Safee Mohd Sali (lair ing Kajang, Selangor,Malaysia, 29 Januari 1984; umur 40 taun) punikas satunggalipun juru main bal-balan saking Malaysia ingkang gadhah posisi minangka pangajeng utawi striker.[1] Safee ageng ing wewengkon Tapah, Perak, Malaysia. Safee sekolah wonten ing Sekolah Menengah Kebangsaan Gunung Rapat ing Ipoh, Perak, Malaysia. Sapunika Safee main bal ing salah satunggalipun klub Liga Super Indonesia Pelita Jaya Jawa Barat lan ing Malaysia.[1]
Safee mlebet klub punika amargi angsal panyurung saking Igor Novak.Safee naté damel hat trick ing klub punika nalika mungsuh Perak TKN, kanthi skor 6-2. Safee naté damel 11 gol lan dados top scorer nomer kalih sasampunipun Azman Adnan.[2] Mangsa 2004, Safee namung saged nglebetaken 2 gol ing liga. Ing pungkasanipun mangsa kaliyan Kuala Lumpur, Saffe damel 7 gol ing liga, 3 gol ing Piala FA Malaysia taun 2005.
Safee mlebet klub punika ing taun 2003.[3]
Safee mlebet klub Serawak FA ingkang wonten ing Malaysia sisih wétan. Ing klub punika Safee saged ngedalaken kadigdayanipun lan dados top skorer tumrap Sarawak FA kanthi 19 gol ing mangsa 2005/2006
Safee mlebet klub Selangor FA ing mangsa 2006/2007.
Tanggal 5 Fèbruari 2011, Safee dipuntransfer dhateng klub Liga Super Indonesia.[1]
Statistik ing Situs Resmi FIFA.