Kanggo artikel ngenani Kabupatèn Semarang, pirsani Kabupatèn Semarang
Kutha Semarang
سٓماراڠ
Lambang Kutha Semarang
Pusat Kutha Semarang
Pusat Kutha Semarang
Sesanti: "Semarang Setara" ()
Dina Dadi: 2 Mèi 1547
Walikutha: Hendrar Prihadi, S.H.
Wakil Walikutha:
Jembar
 -Total:

373,67 km²
Kacamatan
 -Cacahe:

16 Kacamatan
Padunung
 -Total:
 -Kapadhetan:

+/-2.067.254 (2012)
+/-5.500/ km²
Suku Bangsa: wong Jawa
Agama: Kajawèn, Islam, Protèstan, Katulik, Hindhu lan Buda
Basa: basa Jawa lan basa Indonésia

Kutha Semarang (Pegon: سٓماراڠ, Jawa: ꦑꦸꦛꦯꦼꦩꦫꦁ) kitha krajan Provinsi Jawa Tengah saha kitha ageng piyambak wonten ing provinsi menika. Ing Indonésia, Kitha Semarang punika dados kitha nomer gangsal kaliyan Padunung ingkang sampun ngancik 2.067.254 jiwa, namung kalah kalihan Jakarta, Surabaya, Bandung, lan Medan[1] Kitha menika mapan wonten ing antawisipun 466 km sisih wétan Jakarta, utawi 312 km sisih kulonipun Surabaya lan 624 km sisih kidul-kulonipun kitha Banjarmasin (via udara).[2] Semarang wewatesan ing sisih lor karo Seganten Jawa, ing sisih wétan kalihan Kabupatèn Demak, ing sisih kidul kalihan Kabupatèn Semarang lan ing sisih kulon kalihan Kabupatèn Kendhal.

Géografi

Wilayah dataran cendhèk ing kitha Semarang punika cekap sempit, inggih punika namung kirang langkung 4 kilomèter saking garis pantai. Dhataran cendhèk menika kawentar kanthi sebatan kitha ngandhap. Kawasan kitha ngandhap menika asring kakenani banjir lan wonten sawetawis kawasan, banjir menika sababipun amargi limpasipun toya seganten (rob). Ing sisih kidul wonten dhataran inggil, ingkang kawentar kanthi sebatan kitha dhuwur, antawisipun kacamatan Candhi, Mijèn, Gunung Pati, lan Banyumanik.

Papréntahan

Kutha Semarang ketata saking 16 kacamatan, 177 kalurahan lan désa. Kacamatan-Kacamatan ing kutha Semarang yaiku:

  1. Kacamatan Banyumanik
  2. Kacamatan Candhisari
  3. Kacamatan Gajahmungkur
  4. Kacamatan Gayamsari
  5. Kacamatan Genuk
  6. Kacamatan Gunungpati
  7. Kacamatan Mijén
  8. Kacamatan Ngaliyan
  9. Kacamatan Pedurungan
  10. Kacamatan Semarang Barat
  11. Kacamatan Semarang Timur
  12. Kacamatan Semarang Utara
  13. Kacamatan Semarang Selatan
  14. Kacamatan Semarang Tengah
  15. Kacamatan Tembalang
  16. Kacamatan Tugu

Wiyata

Ing kutha Semarang ana sawatara pawiyatan luhur misuwur, antarané:

Pariwisata

Obyek Wisata Lawang Sewu

Carita bab Asal-usule Jeneng Semarang

Jeneng Semarang diparingake déning Ki Ageng Pandan Arang minangka bupati sapisan ing kutha iki.[3] Nalika semana, Kanjeng Bupati lelana nemu wit asem uwohe sethithik utawa arang-arang.[3] Kanjeng Bupati banjur ngendika marang para punggawane mangkene: “Para pandherekku kabèh, seksenana,amarga ing papan iki akèh wit asem, nanging uwohe kok arang, mula iki dakjenengke Semarang”.[3] Saka rong tembung 'asem' lan 'arang'.[3]

Kutha kembar

Liya-liya

Rujukan

  1. Situs wèb Kutha Semarang Archived 2011-12-21 at the Wayback Machine. (diksés tanggal 15 Juni 2011).
  2. Mandala Air tak Naikan Tarif
  3. a b c d Priyantono. (2011). Marsudi Basa lan Sastra Jawa 3. Jakarta: Penerbit Erlangga kaca 14

Deleng uga

Pranala njaba

  Kutha Provinsi Populasi     Kutha Provinsi Populasi
1 Jakarta DKI Jakarta 9.607.787 Kutha Semarang
Kutha Semarang
7 Dhépok Jawa Kulon 1.738.570
2 Surabaya Jawa Wétan 2.765.487 8 Semarang Jawa Tengah 1.555.984
3 Bandung Jawa Kulon 2.394.873 9 Palembang Sumatra Kidul 1.455.284
4 Bekasi Jawa Kulon 2.334.871 10 Makassar Sulawesi Kidul 1.338.663
5 Medan Sumatra Lor 2.097.610 11 Tangerang Kidul Banten 1.290.322
6 Tangerang Banten 1.798.601 12 Bogor Jawa Kulon 950.334