Kethoprak

Kethoprak kalebu salah sawijining kesenian rakyat ing Jawa Tengah, nanging uga bisa tinemu ing Jawa Wétan. Kethoprak wis nyawiji dadi budaya masarakat Jawa Tengah lan bisa ngasoraké kesenian liyané, umpamané Srandul, Emprak, lan saliyané.

Sajarah

Kethoprak wiwit bebukané awujud dedolanan para priya ing dhusun kang lagi nganaaké lelipur sinambi nabuh lesung kanthi irama ana ing waktu wulan purnama ndadari, mau Gejog. Ana ing tembé kaéring tembang bebarengan ing kampung/dhusun kanggo lelipur. Saterusé ana tambahan kendhang, terbang, lan suling. Mula wiwit saka iku mau Kethoprak Lesung, kira-kira kadadéan ing taun 1887. Banjur ana ing taun 1909 wiwitan dianakaké pagelaran Kethoprak kanthi paripurna/lengkap.

Pagelaran Kethoprak wiwitan kang resmi ing ngarepé masarakat/umum, yaiku Kethoprak Wreksotomo, dipandhegani déning Ki Wisangkoro, kang mandhegani kabèh kakung. Carita kang dipagelaraké yaiku: Warsa - Warsi, Kendana Gendini, Darma - Darmi, lsp..

Sawisé iku pagelaran Kethoprak sansaya suwé dadi lan apike uga dadi klangenane masarakat, mligi ing tlatah Yogyakarta. Ing kadadéan sawisé Pagelaran Kethoprak dadi pepak anggoné crita lan uga kaering gamelan.

Jinis

Anane gegayutan karo pagelaran "teater" para narapraja, mula pagelaran Kethoprak, bisa dibédakaké mengkene:

Saiki bisa dipirsani Kethoprak Panggung ana ing tlatah Jawa Tengah lan Jawa Wétan. Pagelarané dadi profesional kanthi amungut bayaran karcis, uga kanggoné para nayaga (pemain) lan pradangga (penabuh gamelan) kethoprak wis dadi panguripan. Tehnik pagelaran lan carita digawé luwih apik lan ditindakake kanthi teges lan tumemen. Tuladha mau bisa dipirsani ana ing Kethoprak "Siswo Budoyo" saking Tulung Agung, Jawa Wétan kang wis misuwur ana ing ngendi waé, dadi klangenane masarakat.

Isi carita

Pemain lan Pengkrawit ing Kethoprak Bhumi Sambhara Budhara

Rupa-warna carita pagelaran Kethoprak upama carita rakyat, dongèng, babad,legenda, sajarah lan adhaptasi saka nagari manca bisa uga migunakaké swasana Indonésia, tuladhané karya Shakespeare: Pangeran Hamlet utawa Sampek Eng Tay. Carita-carita baku: Darma-Darmi, Warsa-Warsi, Kendana-Gendini, Abdul Semararupi carita Menak, Panji Asmarabangun, Klana Sewandana carita Panji, Ande-ande lumut, Angling Darma, Roro Mendut, Damarwulan, Ranggalawe, Jaka bodo.

Carita klangenan masarakat bisa awujud carita pahlawanan, paperangan, carita nglempengake kabecikan adate ing pungkasan carita kang tumindake becik, jujur bakal éntuk kamenangan.

Ageman para nayaga juru main dipadakake karo carita kang dipagélarake,. Biasane nganggo ageman para Narapraja Jawa wektu jaman kraton biyèn. Upama Pangeran Wiroguna, Agemane ngangga Priyayi Jawa Pangeran saka tlatah Jawa Tengah (Jogjakarta), Semono uga para prajurit. Nanging uga ana ageman kang awujud simbolis ,upamané Piyantun Wicaksana aweni ageman cemeng , Piyantun suci awerni agemmn pethak, ingkang kendhel agemane abang. Carita Baghdad agemane mau "Mesiran" nganggo ageman sutra. Agemen Wayang wong uga ana gegayutan karo Kethoprak, mligi Kethoprak pesisran tlatah Jawa sisih pasisir Lor. Umpamane carita Angling Darma, Menak Jingga/Damarwulan.

Uga ana ageman mau basahan, ya iku ageman kejawen nanging cinampur ing liyan bisa wujud ageman bathik, lan beskap uga surban (racaké nganggo uga jubah). Ageman basahan iki adate ana ing carita Menak utawa carita para wali/para ulama Islam ing sajerone praja.

Sing dadi ciri wancine Kethoprak: Carita kanthi para nayaga/juru main , kaering tabuhan (gamelan) ,Ageman tembang kang dadi tetenger kethoprak. Rembugan uga biyasa nganggo tembang ,dadi tembang bisa minangka dadi pangiring adegan, dialog, monolog (rerasan dewe) utawa dadi narasi.

Wondene unining gamelan kanggo ngeringi tembang, adegan, ilustrasi swasana carita, swasana dramatik, kang mbedakake adegan siji lan sijiné.

Kanggé para maos kang péngin midhangetake kethoprak ing format mp3 bisa ngundhuh ing kéné https://web.archive.org/web/20090807133850/http://apdnsemarang.wordpress.com/dagelan-ludruk-ketoprak/

Perangkat pengiring

Kendang, saron, ketuk, kenong, kempul lan gong bumbung utawa gong kemada. Gamelan jangkep adate nganggo suling utawa terbang. kanthi tambahan keprak.

Para nayaga kethoprak racaké pinter anggoné "akting" uga kudu pinter nyanyi & nari.

Para pradangga gamelan, bebarengan karo sinden (waranggono),ngeringi irama gamelan kethoprak.

Sanajan kang dianggo basa Jawa, nanging kudu nganggo "unggah-ungguh" basa. bisa nganggo Jawa biyasa (ngoko), basa krama, lan Krama inggil.

Saiki, ana ing wolak waliking jaman, kethoprak uga duwé "improvisasi" kanthi wujud dagelan kethoprak. Umpamane awujud Dagelan lan Kethoprak Humor ana ing giyaran Radio lan télévisi. Carita bakune padha nanging dipagelarake kanthi dagelan. Mligi ngemungake lan nyenengake pamirsane. Bab paugeran nomer loro. Kethoprak mau racaké wis ora nganggo unggah ungguh basa lan tatakrama, kang baku bisa gawé geguyu. Carita lan basa ora nganggo paugeran baku. Mula bisa diarani Kethoprak ora jangkep.

Tembung "pradangga", miturut Leksikon/Kamus Bausastra Jawa anggitane Poerwodarminta taun 1939,iku tegesé "gamelan" dudu penabuh gamelan. Yèn penabuh gamelan iku ingaran "niyaga". Sumangga dipriksani ing http://www.sastra.org/basa-dan-budaya/38-kamus-dan-leksikon/781-bausastra-jawa-poerwadarminta-1939-75 Archived 2021-02-27 at the Wayback Machine.. Matur nuwun.

Uga delengen