Kelinci Kalamangsa: Eosen Wekasan-Holosen, 53–0 Ma | |
---|---|
Kelinci ing Montana, Amérikah Sarékat | |
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Animalia |
Filum: | Chordata |
Subfilum: | Vertebrata |
Klas: | Mammalia |
Ordho: | Lagomorpha |
Famili: | Leporidae sapérangan |
Genera | |
|
Kelinci kalebu bangsaning Mamalia utawa kéwan nyusoni, lan tansah sapaduluran karo Truwèlu lan Pika.[1] Kelinci wis kasebar saindhenging jagad kajaba ing tlatah Antartika.[1] Jeneng latiné ya iku Oryctolagus cuniculus.[1] Kelinci bisa nglairaké anak kurang luwih nganti ping 5-7 saben setaun.[1] Cacahé anaké kelinci saben nglairaké ya iku 5-8 kelinci.[1] Rata-rata saben manak kelinci nglairaké anak cacahé 6.[1]
Kelinci boboté bisa nganti 5 kilo yèn dadi raja kaya, lan ing alas mung nganti 3,5 kilo.[2] Kelinci duwé|duwé kuping dawa kang bisa dianggo ngrungokaké swara saka kadohan, rupané lucu dadi bisa didadèkaké dolanan utawa klangenan.[2] Kelinci uga duwé sikil kang kuwat kanggo mencolot lan awaké buntek tur lucu.[2]
Anakané kelinci lumrahé lair ora duwé wulu lan wuta, ora kaya anaké truwèlu.[2]
Kelinci ing alas lumrahé urip ing bolongan-bolongan siti, utawa wit-witan.[2] Kelinci alasan utawa kelinsi alasan lumrahé ngedhuk lemah kanggo susuhané lan ngasuh anak-anaké ing kana.[2] Uga, kelinci misuwur amarga cacah lairé kang dhuwur banget.[2] Kelinci wis bisa kawin wiwit umur wulanan lan bisa meteng 31-35 dina.[2] Anak kang dilairaké bisa loro nganti 12 iji.[2]
Kelinci uga kéwan kang paling énggal ngepaské kahananing alam, dadi rikat duwé anak.[2] Ing Australia, saking akèhé, kelinci wis dadi ama kang nyusahaké amarga mangani asil kebon para tani ing kana.[2]
Kelinci kalebu ''hèrbivor'' utawa mangan tetuwuhan.[3] Ing peternakan, kelinci saliyané dipakani tetuwuhan, dhèwèké uga dipakani pèlèt lan campuran-campuran tambahan kanggo kesehataning kéwan iki.[3] Suket, wortel, kangkung, lan sapanunggalané apik kanggo uripé kelinci.[3]
Kelinci saindhenging jagat rupa-rupa, ana kang jinis buntut kapas, angora, nganti ana kang wuluné dawa. Ing Indonésia, kelinci akèh-akèhané diimpor saka nagara|nagari manca.[4]
Kelinci lumrahé didadèkaké kéwan raja kaya, kanggo pakan, nganti dadi klangenan.[4] Kelinci kang didadèkaké panganan lumrahé nduwé ukuran kang gedhé, lan kang dadi klangenan lumrahé nduwé wulu kang apik.[4] Panganan saka daging kelinci kang paling misuwur ya iku saté kelinci.[4]
Méh kabéh hasil saka ternak kelinci bisa dimanfaataké, kalebu kotoran lan urine.[5] Asil kang dimanfaatke iki bisa langsung dimanfaatké utawa diolah dhisik.[5]
Wikimedia Commons duwé médhia ngenani Rabbits. |