Jinis
Jénis séépatu kanggo wong wadon ana pirang-pirang, antarané:[2]
- Open Toe Shoes:pucuké bukaan, pérangan buri tutupan. Pasisirs kanggo acara formal utawa informal, untungé nganggo spéatu modèl iki yaiku sikil ora cépét kringétan.
- Pump Shoes:Pump shoes diartiké sepatu labu. Diundang kaya ngono mérga pucuk sepatu mirib buah waluh, dhapuré séténgah bundér, sépatu modhél iki cocog dikombinasikaké karo rok mini.
- Sling Back Shoes:ciri-ciriné sepatu modhèl iki yaiku ana tali kang nggubét ing pergelangan sikil. Kérép karan sepatu sandhal. Cocok digunakaké nalika nganggo rok modhèl A-line supaya ngetokaké kesan feminin.
- Wedge Heel:Wedge Heel iki jénis sepatu kang duwé ukuran hak kang méh padha ing pérangan ngarep lan mburiné.
- Kitten Heel:Sepatu kang duwé hak cendhèk. Luwih cocog digunakaké ing acara kasual.
- Stiletto:Pérangan ngarep lancip lan duwé hak kang lancip uga dhuwur. Cocok dikombinasikaké karo gaun. Sepatu iki bisa ngetokaké kesan feminin lan seksi.
- Selop: sepatu kang uga karan slipper iki duwé ciri-ciri pérangan ngarep tutupan kaya sepatu nanging pérangan mburi bukaan, mirib sandal.
- Boots: Sepatu kang ketutup sekabehané.
- Sports:Sepatu kets. Sepatu kang racaké digunakaké nalika ulah raga.
Jinis sepatu kanggo wong lanang yaiku:[3]
- Dress Shoe: sepatu jinis iki dienggo ing acara-acara formal. Mbiyén, sepatu iki wernané mung ireng. Nanging saiki wis ana wèrna coklat lan putih.
- Casual Shoes: digunakaké ing acara-acara santai lan semi formal. Sing kalebu sepatu jinis iki yaiku sneakers, loafins,lan moccasins
- Athletic/Sport Shoes; sepatu kang dienggo ulah raga iki digawé lan dipaské karo jinis ulah ragané.
Cara Ngrumat Sepatu
Bab-bab kang kudu digatekaké nalika ngresiki sepatu.[4]
- Resiki regedan sadurungé disemir
- Rutin anggoné nyemir
- Cepet digaringaké nalika teles
- Sikil kuduné garing nalika arep nganggo
- Duwé sepatu punjul sepasang supaya bisa ganti lan supaya sepatu ora rikat rusak amarga dienggo terus.
- Resiki blethok kang nèmplèk ing sepatu nalika wis garing
- Aja ngumbah sepatu nganggo mesin
- Adohke saka sorot srengéngé langsung
- Gunakaké baking soda kanggo ngilangi ganda bacin
- Simpen kang apik
Cara ngrumat sepatu manut bahan sepatu.[5]