Jenas sawisé pensiun dadi pemain bal-balan ing taun 2015 | |||
Katerangan priangga | |||
---|---|---|---|
Jeneng dawa | Jermaine Anthony Jenas | ||
Tanggal lair | 18 Fèbruari 1983 | ||
Papan lair | Nottingham, England | ||
Dhuwur | 5 ft 11 in (1.80 m)[1] | ||
Posisi main | Midfielder | ||
Karir nom | |||
1999–2000 | Nottingham Forest | ||
Karir sénior* | |||
Taun | Tim | Main | (Gul) |
2000–2002 | Nottingham Forest | 29 | (4) |
2002–2005 | Newcastle United | 110 | (9) |
2005–2013 | Tottenham Hotspur | 155 | (21) |
2011 | → Aston Villa (loan) | 3 | (0) |
2012–2013 | → Nottingham Forest (loan) | 6 | (1) |
2013–2014 | Queens Park Rangers | 38 | (4) |
Gunggung | 341 | (39) | |
Tim nasional | |||
1999 | England U16 | 3 | (0) |
2000 | England U17 | 1 | (0) |
2001 | England U18 | 2 | (0) |
2001–2002 | England U19 | 5 | (0) |
2002–2003 | England U21 | 9 | (0) |
2006 | England B | 2 | (1) |
2003–2009 | England | 21 | (1) |
* Gunggung main lan gul ing klub sénior tumrap liga dhomèstik iki mligi. |
Jermaine Anthony Jenas (pocapan jroning basa Inggris /ˈdʒiːnəs//JEE-nəs)[2] (lair ing Nottingham, Inggris, 18 Fèbruari 1983; umur 41 taun) ya iku salahsijiné juru main bal-balan profèsional sing posisiné dadi glandhang teka Inggris sing saiki ora nduwé klub. Piyambaké pungkasan main kanggo Queens Park Rangers.
Jenas miwiti karir bal-balané karo tim junior Nottingham Forest lan sabanjuré kalebu ana ing skuat tim utama. Piyambaké uga tau main kanggo Newcastle United.
tanggal 31 Agustus 2011, Jenas gabung ana ing Aston Villa mawa kontrak silihan sakdawané 1 mangsa teka Tottenham Hotspur.[3] Tanggal 4 Dhésèmber 2011, piyambaké ngalami cedera sing parang ana pérangan otot achilles sing ngakibatné piyambaké kudu operasi. Jenas kudu lèrèn sakdawané 6 wulan kanggo mulihné cederané lan ngakibatné kontrak silihané karo Aston Villa rampung.[4]
Tanggal 27 September 2012, Jenas nandatangani kontrak silihan sing suwéné sak wulan karo Nottingham Forest.[5]
Piyambaké gawé sak gol ndhik tetandhingan terakhiré karo Forest ngelawan Barnsley.[6]