Genosida iku tindakan pambantaian gedhèn-gedhènan kanthi sistematis marang sawijining bebrayan utawa golongan kanthi maksud numpes (agawé tumpes) bangsa mau. Tembung iki pisanan digunakaké déning siji ahli ukum Polen, Raphael Lemkin, ing taun 1944 sajeroning bukuné Axis Rule in Occupied Europe sing dibabar ing Amérikah Sarékat. Tembung iki dijupuk saka basa Yunani γένος genos ('ras', 'bangsa' utawa 'rakyat') lan basa Latin caedere (rajapati).

Genosida iku salah siji saka papat Pelanggaran HAM abot sing ana sajeroning yurisdiksi International Criminal Court. Pelanggaran HAM abot liyané ya iku Kejahatan marang kamanungsan, Kejahatan perang, lan kejahatan Agresi.

Miturut Statuta Roma lan Undhang-Undhang no. 26 taun 2000 bab Pengadilan HAM, genosida iku Lelaku sing diayahi kanthi angkah kanggo ngajuraké utawa numpes kabèh utawa sapérangan golongan bangsa, ras, golongan ètnis, golongan agama kanthi cara matèni anggota golongan; ngakibataké siksa fisik utawa mental sing abot marang anggota golongan; nyiptakaké kondhisi kauripan golongan sing agawé kamusnahan kanthi fisik sapérangan utawa sakabèhané; nglakoni tindakan nyegah kalairan sajeroning golongan; mindahaké kanthi peksa bocah-bocah saka sawijining golongan menyang golongan liya.

Ana uga istilah genosida budaya sing tegesé pembunuhan peradaban kanthi nglarang penggunaan basa saka sawijining golongan utawa suku, ngowahi utawa ngajuraké sajarahé utawa ngajuraké simbul-simbul peradabané.

Conto genosida

Cathetan sikil

  1. Institute for War and Peace Reporting, Tribunal Update: Briefly Noted (TU No 398, 18-Mar-05) [1]