Gaius Julius Caesar
Diktator Republik Romawi
"Tusculum portrait", dinuga minangka salah sijiné patung Caesar kang digawé ing mangsa isih urip
PanjenenganOktober 49 SM –
15 Maret 44 SM (sebagai diktator dan/atau konsul)
LairJuli 100 SM
Subura, Roma
Surud15 Maret 44 SM (55 taun)
Curia Pompey, Roma
PutraJulia Caesaris 85/84 – 54 SM
Caesarion 47 – 30 SM
Augustus 63 SM – 14 M (kaponakan adoh, uga dipupu sadurungé tilar donya minangka anak Caesar ing taun 44 SM)
Jeneng dawa
Gaius Julius Caesar
WangsaJulius-Claudius
BapaGaius Julius Cæsar
IbuAurelia Cotta[1]

Gaius Julius Caesar (Latin: C•IVLIVS•C•F•C•N•CAESAR¹) (13 Juli 100 SM–15 Maret 44 SM) punika satunggaling pamimpin militèr lan pulitikus Romawi ingkang panguwaosipun dhumateng Gallia Comata ndadosaken Romawi tambah wiyar dumugi Oceanus Atlanticus. Panjenenganipun mandhegani serangan Romawi sepisanan dhumateng Britania, lan ngenalaken prabawa Romawi dhumateng Gaul (Perancis sapunika).

Julius Caesar perang lan menangaken satunggaling perang sadulur ingkang ndadosaken panjenenganipun panguwaos paling ampuh ing Romawi, lan miwiti réformasi ageng-agengan dhumateng masarakat lan pamaréntah Romawi. Panjenenganipun dados diktator seumur hidup, lan musataken papréntahan ingkang saya lemah ing républik wau.

Caesar séda tanggal 15 Maret 44 SM amargi dipuntusuk ngantos séda déning Marcus Junius Brutus lan sapérangan sénator Romawi. Aksi penyédanan dhumateng Caesar ing dinten Idi Maret kasebat dados pamicu perang sadulur kaping kalih ingkang dados pungkasaning Républik Romawi lan awal Kamaharajan Romawi ing saandhaping panguwaosipun putu kakungipun lan putra angkatipun, Kaisar Augustus.

Kampanye militèr Julius Caesar dipunmangertos kanthi detil saking seratanipun piyambak Kempalan Komentar (Commentarii), lan kathah saking criyos gesangipun ingkang dipunrekam sajarawan kados Gaius Suetonius Tranquillus, Mestrius Plutarch, lan Lucius Cassius Dio.

Palakrama Julius Caesar lan keturunanipun

[besut | besut sumber]

Kronologi

[besut | besut sumber]

Réferénsi

[besut | besut sumber]
C. Iulii Caesaris quae extant, 1678

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. "Julius Caesar". Roman-colosseum.info. Dibukak ing 8 January 2012.

1-Gaius Iulius Gaii Filius Gaii Nepos Caesar, ing basa Indonésia "Kaisar Julius Gaius, putra Gaius, cucu Gaius".

Ugi pirsani

[besut | besut sumber]