Desy Ratnasari
Lair (1973-12-12) Dhésèmber 12, 1973 (umur 50)
Sukabumi, Jawa Barat, Indonesia
BangsaIndonesia
PakaryanArtis, Politisi, Model, Penyanyi
BojoTrenady Pramudya (pegat)
Sammy Hamzah (pegat)
Irwan Danny Musri
AnakNasywa Nathania Hamzah
Wong tuwaHM Syaminan lan Mulyanah

Desy Ratnasari dikenal minangka penyanyi, presenter, pemain sinétron, lan bintang filem.[1][2] Dhèwèké lair ing Sukabumi, 12 Dhésèmber 1973.[2] Desy Ratnasari wiwit karire kawit umur 14 taun, ya iku nalika mèlu pemilihan modhel ing sawijining kalawarta terbitan kutha krajan.[2]

Minangka bintang filem, Desy Ratnasari dadi salah sijiné juru main filem kang kasil anggoné nyedot akèh penonton.[2] Film ing antarané ya iku filem Olga Sepatu Roda, Blok M, bareng karo Didi Petet mbintangi filem Si Kabayan,bareng bintang cilik ya iku Joshua Suherman lan aktor Anjasmara ing filem anak-anak Joshua-Joshua.[2] Desy Ratnasari uga mbintangi filem religius Kun Fayakuun bareng ustad Yusuf Mansur.[2]

Desy Ratnasari dikenal minangka penyanyi lagu Tenda Biru.[2] Lagu kang ngetop nalika iku, kasil ndadèkaké Desy Ratnasari dadi penyanyi kaloka.[2] Banjur disusul lagune kang irah-irahane Takdir, kang nalika iku ndadèkaké dhèwèké diprotes amarga saire.[2]

Desy Ratnasari iku anak mbarep saka sadulur kang cacahé papat. Dhèwèké putrane H.M. Syahminan (alm) lan Hj. Mulyanah. Kaitane karo masalah pribadine, wong wadon kang duwé anak siji iki wis gagal omah-omah.[2] Bojo kang sapisan ya iku Trenadi Pramudya, lan bojo kaping pindho ya iku pengusaha Sammy Hamzah.[2] Desy Ratnasari kekancan apik kato mantan putri Indonesia, Alya Rohali lan Dina Lorenza. Desy Ratnasari iku sarjana psikologi saka Universitas Atmajaya éntuk gelar magister psikologi saka Universitas Indonesia.

Album

[besut | besut sumber]

Lagu

[besut | besut sumber]

Senematografi

[besut | besut sumber]

Film

[besut | besut sumber]

Sinetron

[besut | besut sumber]

Presenter

[besut | besut sumber]

Iklan

[besut | besut sumber]

Bebungah

[besut | besut sumber]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. tokohindonesia.com[pranala mati permanèn] Diundhuh tanggal 6 Agustus 2011
  2. a b c d e f g h i j k } kapanlagi.com Diundhuh tanggal 6 Agustus 2011

https://www.pohonilmu.com/2023/11/pengertian-dan-perbedaan-monarki-republik.html